21 Yésus njawab, ”Percayaa, nèk kowé nduwé iman lan ora ragu-ragu, kowé mesthi isa nindakké apa sing tak tindakké marang wit ara kuwi. Malah, nèk kowé ngongkon gunung iki, ’Mumbula, lan njegura ing laut,’ kuwi mesthi bakal kelakon.+
8 Ning, pas kowé nampa roh suci, kowé bakal nduwé kuwasa.+ Kowé ya bakal dadi seksiku+ ing Yérusalèm,+ ing kabèh dhaérah Yudéa lan Samaria,+ nganti tekan panggonan sing paling adoh ing bumi.”+