-
Kisah 4:29, 30Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Ning saiki, oh Yéhuwah,* tulung gatèkna ancamané wong-wong kuwi. Tulung bantu budhak-budhak-Mu iki, yaiku aku lan para sedulur, bèn isa terus kendel ngumumké omongan-Mu. 30 Muga-muga Njenengan terus nggunakké kuwasané Njenengan kanggo marèkké wong, nggawé mukjijat,*+ lan nindakké sing luar biasa liwat jenengé abdi-Mu sing suci, yaiku Yésus.”+
-
-
Kisah 14:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Kuwi sebabé, nganti pirang-pirang minggu, nganggo wewenang saka Yéhuwah,* Paulus lan Barnabas terus kendel mènèhi kesaksian nèk Gusti Allah bener-bener apikan. Gusti Allah nduduhké nèk Dhèwèké bener-bener apikan nganggo cara mènèhi wong loro kuwi kuwasa kanggo nggawé mukjijat* lan nindakké perkara-perkara sing luar biasa.+
-
-
Roma 15:18, 19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Aku ora bakal ngomongké soal apa sing wis tak tindakké. Ning, aku mung bakal ngomongké soal apa sing wis diomongké lan ditindakké Kristus liwat aku, supaya aku isa mbantu wong-wong saka bangsa liya bèn manut karo dhèwèké. 19 Wong-wong kuwi manut merga mukjijat+ sing ditindakké nganggo roh suciné Gusti Allah. Mula, ing dhaérah-dhaérah saka Yérusalèm nganti Ilirikum, kabar apik soal Kristus wis tak wartakké nganti rampung.+
-