-
Matius 27:5-8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Terus, Yudas nguncalké dhuwit pérak kuwi ing njero bait. Bar kuwi, dhèwèké lunga lan gantung diri.+ 6 Para imam kepala njupuk dhuwit pérak kuwi lan kandha, ”Iki dhuwit getih. Menurut hukum, dhuwit iki ora éntuk dilebokké ing panggonan sing dienggo nyimpen dhuwit ing bait.” 7 Sakwisé rembugan, wong-wong kuwi nggunakké dhuwit mau dienggo tuku tanahé pengrajin tanah liat. Tanah kuwi dienggo ngubur wong-wong sing ora dikenal. 8 Kuwi sebabé nganti saiki tanah kuwi disebut Tanah Getih.+
-