-
Pangandharing Torèt 16:9-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 ”Kowé kudu ngétung pitung minggu, sing dimulai saka sepisanan kowé ngethok biji-bijian ing ladhang.+ 10 Kowé kudu ngrayakké Perayaan Sakwisé Pitung Minggu kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu,+ lan kowé kudu mènèhi persembahan sukaréla, sesuai karo berkah sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahmu marang kowé.+ 11 Ing ngarepé Yéhuwah Gusti Allahmu, ing panggonan sing dipilih Yéhuwah kanggo mulyakké jenengé,+ kowé kudu ngrasa seneng bareng karo anak-anakmu, budhakmu lanang lan wédok, wong Lèwi sing manggon ing kutha-kuthamu,* wong asing, anak yatim,* lan randha, sing ana ing antaramu.
-