38 ”Dadi sedulur-sedulur, njenengan kabèh tak kandhani nèk Gusti Allah bakal ngapura dosa-dosamu mung liwat wong kuwi.+39 Hukum Musa+ ora isa nggawé njenengan dianggep bener karo Gusti Allah. Ning merga wong kuwi wis mati, wong sing percaya isa dianggep bener karo Gusti Allah.+
8 Kowé sing nduwé iman wis dislametké merga Gusti Allah apikan banget.+ Mula, nèk kowé isa slamet, kuwi dudu merga upayamu dhéwé, ning kuwi berkah saka Gusti Allah. 9 Kuwi dudu hasil saka tumindakmu,+ mula kuduné kowé ora sombong.