-
Kisah 15:7-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Sakwisé diskusi suwé,* Pétrus ngadeg lan kandha, ”Sedulur-sedulur, kowé kabèh wis ngerti ta nèk ing antarané awaké dhéwé, aku sing pertama dipilih Gusti Allah lan dikongkon nyampèkké kabar apik marang bangsa-bangsa liya supaya wong-wong kuwi dadi percaya.+ 8 Gusti Allah, sing ngerti isi atiné manungsa,+ ya wis mbuktèkké nèk Dhèwèké nampa wong-wong kuwi. Buktiné, wong-wong kuwi diwènèhi roh suci+ kaya sing wis diwènèhké marang awaké dhéwé. 9 Gusti Allah blas ora mbédak-bédakké awaké dhéwé karo wong-wong kuwi.+ Dhèwèké malah nggawé suci atiné wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi nduwé iman.+
-