PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 53:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Sakwisé dhèwèké ngalami kabèh kesusahan, dhèwèké bakal puas merga ndelok hasil kerja kerasé.

      Abdi-Ku+ sing nindakké apa sing bener bakal nggunakké pengetahuané

      Supaya isa mbantu wong akèh bèn Tak anggep bener.+

      Dhèwèké nanggung kesalahané wong-wong kuwi.+

  • 2 Korintus 5:19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Dadi, aku martakké nèk liwat Kristus, Gusti Allah wis nggawé donya iki nduwé hubungan sing apik manèh karo Dhèwèké.+ Gusti Allah ora ngétung kesalahané wong-wong kuwi,+ lan Dhèwèké mènèhi aku tugas kanggo ngandhani wong-wong nèk wong-wong kuwi isa nduwé hubungan sing apik manèh karo Gusti Allah.+

  • 1 Yohanes 2:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Anak-anakku sing tak tresnani, aku nulis iki marang kowé bèn kowé ora nindakké dosa. Ning nèk ana sing nindakké dosa, ana sing nulungi* awaké dhéwé, yaiku Yésus Kristus+ sing ana bareng karo Bapak lan sing nindakké apa sing bener.+ 2 Dhèwèké kuwi korban+ kanggo dosané awaké dhéwé,+ sing nggawé awaké dhéwé rukun manèh karo Gusti Allah. Malah, korbané kuwi ora mung kanggo dosané awaké dhéwé waé, ning kanggo dosané wong sak donya.+

  • 1 Yohanes 4:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Gusti Allah ngutus Anaké dadi korban+ kanggo dosa-dosané awaké dhéwé.+ Korban kuwi nggawé awaké dhéwé rukun karo Gusti Allah. Gusti Allah nindakké iki dudu merga awaké dhéwé nresnani Dhèwèké, ning merga Dhèwèké nresnani awaké dhéwé.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim