33 Terus, Pétrus ngomong karo Yésus, ”Gusti, aku siap dipenjara lan mati bareng karo njenengan.”+34 Ning Yésus njawab, ”Pétrus, kowé tak kandhani, sakdurungé jago kluruk dina iki, kowé bakal ngomong nganti ping telu nèk kowé ora kenal karo aku.”+
6Sedulur-sedulur, nèk ana wong sing ora sadhar nèk tumindaké ngarah marang sing salah, kowé sing dituntun roh suci kudu mbantu dhèwèké supaya nindakké sing bener manèh. Kowé kudu alus wektu mbantu wong kuwi.+ Kowé ya kudu ngati-ati+ bèn ora kegodha nindakké sing salah.+