32 Aja nganti kowé nggawé wong Yahudi, wong Yunani, utawa jemaaté Gusti Allah+ tersinggung. 33 Aku ora mikirké kepentinganku dhéwé, ning aku mikirké kepentingané wong liya.+ Aku nindakké apa waé kanggo nyenengké kabèh wong, bèn wong-wong kuwi isa dislametké.+
4 Wong sing nduwé katresnan+ kuwi sabar+ lan apikan.+ Dhèwèké ora seneng iri,+ ora rumangsa hébat, ora sombong,+5 ora tumindak kasar,*+ ora mung mikirké kepentingané dhéwé,+ lan ora gampang nesu.+ Dhèwèké ya ora ngéling-éling salahé* wong liya.+