- 
	                        
            
            2 Timotius 1:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
9 Gusti Allah nylametké awaké dhéwé lan milih awaké dhéwé dadi wong-wong suci.+ Kuwi dudu merga tumindaké awaké dhéwé, ning kuwi merga karepé Gusti Allah lan merga Gusti Allah apikan banget.+ Sifaté sing apikan banget kuwi diduduhké marang awaké dhéwé liwat Kristus Yésus kèt jaman mbiyèn. 10 Ning, sifaté sing apikan banget kuwi saiki wis kétok jelas wektu Kristus Yésus+ sing nylametké awaké dhéwé nduduhké kemuliaané. Kristus wis nyingkirké kematian.+ Liwat kabar apik,+ dhèwèké wis nduduhké marang awaké dhéwé carané isa éntuk urip+ lan badan sing ora isa rusak.+
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            1 Pétrus 1:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
12 Gusti Allah nduduhké marang nabi-nabi kuwi nèk nabi-nabi kuwi ora nglayani nabi-nabi kuwi dhéwé, ning nglayani kowé. Nabi-nabi kuwi nulis apa sing wis diwartakké marang kowé, sing mbok rungokké saka wong-wong sing martakké kabar apik nganggo bantuané roh suci sing dikirim saka swarga.+ Para malaékat péngin banget ngerti soal iki.
 
 -