-
Roma 16:17, 18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Aku njaluk marang kowé kabèh, sedulur-sedulurku, bèn kowé ngati-ati karo wong-wong sing nggawé ora rukun lan ngrusak imané wong liya. Tumindak kuwi ora cocog karo ajaran sing wis mbok sinaoni. Kowé kudu ngedohi wong-wong kuwi.+ 18 Wong-wong kaya ngono kuwi dudu budhaké Kristus Gustiné awaké dhéwé, ning budhaké kepénginané* dhéwé. Wong-wong kuwi ngapusi wong liya nganggo kata-kata sing kétoké nyenengké lan pénak dirungokké.
-