23 Sakwisé digebugi ping bola-bali, wong loro kuwi dilebokké penjara. Terus, ana penjaga penjara sing dikongkon njaga tenanan wong loro kuwi.+ 24 Merga éntuk préntah kuwi, penjaga penjara mau nglebokké Paulus lan Silas ing kamar penjara sing paling njero lan sikilé wong loro kuwi dipasung.