- 
	                        
            
            Kisah 9:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
- 
                            - 
                                        9 Saul isih terus ngancem murid-muridé Gusti lan nduwé tékad arep matèni wong-wong kuwi.+ Dhèwèké marani imam agung 2 lan njaluk surat kanggo diwènèhké marang sinagogé-sinagogé* ing Damaskus. Surat kuwi dadi bukti nèk dhèwèké wis diwènèhi wewenang kanggo nangkep lan nggawa menyang Yérusalèm para pengikuté Dalan sing Bener,*+ embuh kuwi wong lanang utawa wédok. 
 
- 
                                        
- 
	                        
            
            Kisah 26:9-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
- 
                            - 
                                        9 Mbiyèn, aku ya yakin banget nèk embuh piyé carané, Yésus wong Nazarèt kuwi kudu tak lawan. 10 Ya kuwi sing tak tindakké ing Yérusalèm. Aku éntuk wewenang saka para imam kepala,+ mula akèh murid-murid* sing tak lebokké penjara.+ Aku ya ndhukung keputusan kanggo ngukum mati wong-wong kuwi. 11 Aku kerep nganiaya wong-wong kuwi ing sinagogé-sinagogé* lan meksa wong-wong kuwi ninggalké imané. Saking sengité, wong-wong kuwi tak oyak* nganti tekan kutha-kutha liyané bèn isa tak aniaya. 
 
-