PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Korintus 6:9-11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Apa kowé ora ngerti nèk wong sing ora bener ora bakal nampa warisan Kerajaané Gusti Allah?+ Aja ngapusi awakmu dhéwé.* Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes,*+ wong sing nyembah brahala,+ wong sing laku jina,+ wong lanang sing nindakké hubungan sèks karo wong lanang,*+ 10 wong sing nyolong, wong sing srakah,+ wong sing seneng mabuk,+ wong sing seneng ngrèmèhké,* lan wong sing ngrampok ora bakal nampa warisan Kerajaané Gusti Allah.+ 11 Mbiyèn, ing antaramu ana sing nindakké kuwi. Ning, saiki kowé wis digawé resik,+ digawé suci,+ lan dianggep bener+ nganggo jenengé Gusti Yésus Kristus lan nganggo roh suciné Gusti Allahé awaké dhéwé.

  • Éfésus 2:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Mbiyèn, awaké dhéwé tumindak menurut kepénginan sing salah+ lan menurut pikirané awaké dhéwé.+ Kèt lair awaké dhéwé iki pantes dihukum*+ karo Gusti Allah kaya wong-wong liyané.

  • Titus 3:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Mbiyèn awaké dhéwé ya ora nduwé pemahaman, ora manut, kapusan, manut karo kepénginané dhéwé, urip mung seneng-seneng, nindakké apa sing ora apik, iri, dadi wong sing tumindaké èlèk banget, lan sengit karo liyané.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim