-
Yohanes 17:19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Aku terus ngupaya bèn tetep suci kanggo manfaaté wong-wong kuwi, yaiku supaya wong-wong kuwi ya digawé suci nganggo apa sing bener.
-
-
Éfésus 5:25-27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Wong lanang, kowé kudu terus sayang karo bojomu,+ kaya Kristus sayang karo jemaat lan masrahké uripé kanggo jemaat.+ 26 Kristus nindakké kuwi supaya dhèwèké isa nggawé jemaat dadi suci lan resik nganggo omongané Gusti Allah+ sing dipadhakké kaya banyu. 27 Hasilé, jemaat dadi kétok apik kanggoné Yésus, ora reged, ora rusak, lan ora ana kekurangan liyané.+ Jemaat dadi suci lan ora ana cacadé.+
-