-
2 Timotius 1:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Gusti Allah nylametké awaké dhéwé lan milih awaké dhéwé dadi wong-wong suci.+ Kuwi dudu merga tumindaké awaké dhéwé, ning kuwi merga karepé Gusti Allah lan merga Gusti Allah apikan banget.+ Sifaté sing apikan banget kuwi diduduhké marang awaké dhéwé liwat Kristus Yésus kèt jaman mbiyèn. 10 Ning, sifaté sing apikan banget kuwi saiki wis kétok jelas wektu Kristus Yésus+ sing nylametké awaké dhéwé nduduhké kemuliaané. Kristus wis nyingkirké kematian.+ Liwat kabar apik,+ dhèwèké wis nduduhké marang awaké dhéwé carané isa éntuk urip+ lan badan sing ora isa rusak.+
-