PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 19:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Yéhu,+ wong sing nyampèkké wahyu saka Gusti Allah, anaké Hanani+ marani Raja Yéhosyafat lan takon, ”Apa pantes njenengan nulungi+ wong jahat lan nresnani wong sing sengit karo Yéhuwah?+ Kuwi sebabé Yéhuwah nesu karo njenengan.

  • Yohanes 15:19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Nèk kowé padha kaya wong-wong ing donya iki, wong-wong ing donya iki bakal nresnani kowé merga kowé duwèké. Ning, kowé wis tak pilih saka donya iki lan kowé ya ora padha kaya wong-wong ing donya iki.+ Kuwi sebabé, wong-wong ing donya iki sengit karo kowé.+

  • Yohanes 17:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Omongan-Mu wis tak sampèkké marang wong-wong kuwi. Ning, donya sengit karo wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi ora padha kaya wong-wong ing donya iki,+ kaya aku ya ora padha kaya wong-wong ing donya iki.

  • Yohanes 18:36
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 36 Yésus njawab,+ ”Kerajaanku ora padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya.+ Nèk Kerajaanku padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya, para pengikutku mesthi bakal nglawan bèn aku ora diserahké marang wong Yahudi.+ Ning, Kerajaanku ora padha kaya pamréntahan-pamréntahan sing ana ing donya.”

  • 1 Yohanes 2:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Aja nresnani donya iki lan kabèh sing ana ing donya iki.+ Nèk wong nresnani donya iki, dhèwèké ora nresnani Bapak.+

  • 1 Yohanes 5:19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Awaké dhéwé ngerti nèk awaké dhéwé duwèké Gusti Allah, ning donya iki dikuwasani Sétan.*+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim