-
Éfésus 4:17-19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Dadi, nganggo jenengé Gusti, iki sing tak omongké lan tak jelaské marang kowé: Kowé aja urip kaya wong-wong ing donya iki,+ merga wong-wong kuwi mung nuruti pikirané sing ora ana gunané.+ 18 Pikirané wong-wong kuwi peteng. Wong-wong kuwi ora nampa urip sing diwènèhké Gusti Allah marang awaké dhéwé merga wong-wong kuwi ora péngin kenal karo Gusti Allah lan atiné ora tanggap. 19 Wong-wong kuwi wis ora nduwé isin mula tumindaké kurang ajar.*+ Wong-wong kuwi péngin terus nindakké apa sing najis.
-