-
Roma 12:6-8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Merga sifaté Gusti Allah sing apikan banget, awaké dhéwé nampa kemampuan kanggo nindakké tugas* sing béda-béda.+ Mula, nèk awaké dhéwé nampa kemampuan kanggo nyampèkké omongané Gusti Allah,* ayo terus martakké menurut imané awaké dhéwé. 7 Nèk awaké dhéwé nampa kemampuan* kanggo nglayani liyané, ayo terus nglayani. Nèk awaké dhéwé nampa kemampuan kanggo mulang, ayo terus mulang.+ 8 Nèk awaké dhéwé nampa kemampuan* kanggo nguwatké,*+ ayo terus nguwatké. Nèk awaké dhéwé nampa kemampuan kanggo mènèhi, ayo terus murah hati wektu mènèhi.+ Sing nampa kemampuan kanggo mimpin kudu rajin*+ nindakké tugasé. Sing nampa kemampuan kanggo apikan marang wong liya kudu nindakké kuwi saktulusé ati.+
-