16 Yésus takon manèh karo Simon Pétrus, ”Simon anaké Yohanes, apa kowé nresnani aku?” Simon njawab, ”Iya, Gusti, njenengan kan ngerti nèk aku sayang karo njenengan.” Yésus ngomong karo Simon, ”Engonen anak-anak dombaku.”+
28 Liwat roh suci, kowé wis dilantik dadi pengawas.+ Kowé kudu dadi gembala kanggo jemaaté Gusti Allah+ sing wis dituku nganggo getihé Anaké Gusti Allah dhéwé.+ Mula, kowé kudu nggatèkké awakmu dhéwé+ lan domba-domba sing ana ing jemaat.