PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • CO-pgm24 hlm. 7-8
  • Keterangan kanggo Sing Mèlu

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Keterangan kanggo Sing Mèlu
  • Daftar Acara Pertemuan Gabungan Wilayah 2024
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Keterangan kanggo Sing Mèlu
    Daftar Acara Pertemuan Gabungan Wilayah 2023
  • Katrangan kanggo sing Teka Kebaktian
    Daftar Acara Pertemuan Gabungan Wilayah 2020
  • Keterangan kanggo Sing Mèlu
    Daftar Acara Pertemuan Gabungan Wilayah 2025
  • Katrangan kanggo sing Teka
    Daftar Acara Pertemuan Gabungan Wilayah 2019
Delok Kabèh
Daftar Acara Pertemuan Gabungan Wilayah 2024
CO-pgm24 hlm. 7-8

Keterangan kanggo Sing Mèlu

BAPTISAN Kursi kanggo calon baptis disedhiakké ing ngarep panggung, kecuali nèk mengko ana perubahan. Para calon baptis kudu wis lungguh ing kono sakdurungé ceramah baptisan dimulai pas dina Setu ésuk. Sing arep baptis kudu nggawa andhuk lan klambi ganti sing pantes.

BARANG SING ILANG LAN DITEMOKKÉ Nèk ana barang sing ditemokké lan njenengan ora ngerti barang kuwi duwèké sapa, tulung digawa ing bagéan Barang sing Ilang lan Ditemokké. Nèk njenengan kélangan barang, njenengan isa mara ing bagéan iki lan sebutna barang apa sing ilang. Bocah-bocah sing kesasar ya isa digawa ing bagéan iki. Ning, bèn ora ana kejadian kaya ngono, wong tuwa kudu terus ngawasi lan njaga anak-anaké.

DINAS SUKARÉLA Nèk njenengan péngin mbantu gawéan sing ana hubungané karo pertemuan iki, njenengan isa ngandhani bagéan Informasi lan Dinas Sukaréla.

LUNGGUHAN Awaké dhéwé perlu mikirké kepentingané wong liya. Élinga nèk kursi isa disisihké mung kanggo keluarga cedhaké njenengan, sing sak kendaraan karo njenengan, sing sak omah karo njenengan, utawa sing lagi sinau Alkitab karo njenengan. Tulung aja ndèlèhké barang-barangé njenengan ing kursi sing ora njenengan sisihké.

P3K Bagéan iki mung kanggo situasi darurat.

PETUGAS TATA TERTIB Para petugas tata tertib ditugasi kanggo mbantu njenengan. Njenengan isa manut karo pengarahané petugas soal parkir, mlebu metu panggonan pertemuan, nyisihké kursi, lan liya-liyané.

SUMBANGAN Ana akèh biaya sing dibutuhké kanggo nyéwa kursi, peralatan tata suara lan vidéo, lan kebutuhan liyané bèn acara pertemuan iki isa lancar lan awaké dhéwé isa dibantu bèn luwih cedhak karo Yéhuwah. Nèk njenengan seneng lan réla mènèhi sumbangan, kuwi isa dienggo nutupi biaya sing ditokké lan ndhukung gawéan nginjil sak donya. Ana kothak-kothak sumbangan sing didèlèhké ing beberapa tempat ing panggonan iki. Njenengan ya isa nyumbang liwat situs wèb donate.jw.org. Nyumbang pira waé éntuk. Pengurus Pusat maturnuwun merga njenengan gelem ndhukung kepentingané Kerajaané Gusti Allah.

Digawé karo Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah

© 2024 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania

PERTEMUAN KHUSUS

Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah

Pas dina Minggu awan, ana pertemuan kanggo sing mèh ndaftar Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah. Kabèh sing péngin lan sanggup nglayani Yéhuwah luwih akèh diundang mèlu pertemuan iki. Panggonan lan jam pertemuané mengko bakal diumumké.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim