29 SEPTEMBER–5 OKTOBER
PENGKHOTBAH 3-4
Lagu 93 lan Donga | Pembuka (1 men.)
Suami istri nduwé wektu bareng-bareng kanggo Yéhuwah
1. Carané Bèn Perkawinan Isa Bahagia
(10 men.)
Nduwé wektu kanggo ngobrol (Pkh 3:1; ijwhf-IN artikel 10 ¶2-8)
Nglakoni kegiatan bareng-bareng (Pkh 4:9; w23.05 23 ¶12-14)
Kudu ngupaya bèn akrab karo Yéhuwah (Pkh 4:12; w23.05 21 ¶3)
PIKIRNA: ’Apa dampaké nèk aku adoh saka bojoku, misalé liburan dhéwé utawa kudu lunga suwé merga gawéan?’
2. Wulangan Penting
(10 men.)
Pkh 3:8—Mémang ana ”wektu kanggo nresnani”, tapi awaké dhéwé ora éntuk nresnani wong sing kaya piyé? (it-IN ”Kasih” ¶39)
Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?
3. Maca Alkitab
(4 men.) Pkh 4:1-16 (th Pelajaran 2)
4. Mulai Omong-omongan
(3 men.) ING OMAH-OMAH. Gunakna Warta Penting No. 1 2025 kanggo mulai omong-omongan. Aja meksa mbahas topik kuwi nèk sing dijak ngobrol luwih tertarik karo topik liyané. (lmd Pelajaran 2 nomer 5)
5. Mupuk Minat
(4 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. Tawakna pelajaran Alkitab karo wong sing gelem nampa majalah Warta Penting No. 1 2025. (lmd Pelajaran 9 nomer 4)
6. Ceramah
(5 men.) lmd Lampiran A nomer 12—Judhul: Gusti Allah Adil lan Ora Pilih Kasih. (th Pelajaran 19)
Lagu 131
7. Pas Ana Masalah Perkawinan, Njaluka Tuntunané Yéhuwah
(15 men.) Rembugan.
Yéhuwah wis nyedhiakké bantuan bèn suami istri isa bahagia. Meskipun ngono, suami istri tetep isa nduwé masalah. (1Kor 7:28) Nèk ora ndang dirampungi, masalahé isa tambah gedhé, ora isa diatasi, lan nggawé ora bahagia. Piyé nèk njenengan ngalami masalah kaya ngono?
Ing vidéo Apa Kuwi Cinta Sejati? dicritakké soal suami istri sing ngalami masalah. Wektu sing wédok arep nggawé keputusan tapi ora njaluk bantuané Yéhuwah, bapaké ngekèki naséhat anaké. Apa njenengan isih kèlingan naséhaté?
Setèlen VIDÉO Apa Kuwi Cinta Sejati?—Cuplikan. Terus takona:
Ngapa kok awaké dhéwé kudu njaluk tuntunané Yéhuwah wektu ana masalah ing perkawinan?—Yés 48:17; Mat 19:6
Nèk njenengan ngalami masalah perkawinan, njenengan kudu berupaya tetep akrab karo Yéhuwah. Misalé kudu ndonga, teka ing pertemuan ibadah, maca lan sinau Alkitab, lan nginjil. Njenengan ya kudu berupaya ngrampungi masalahé sesuai pathokan ing Alkitab. Njenengan isa riset bèn ngerti perasaan lan kepénginané Yéhuwah. Kabèh upayané njenengan kuwi mbuktèkké nèk njenengan ngendelké Yéhuwah.—WB 10:22; Yés 41:10.
Setèlen VIDÉO Aja Percaya Nèk Donya Iki Isa Mènèhi Kedamaian—Darrel lan Deborah Freisinger. Terus takona:
Apa sing isa dipelajari saka pengalamané Sedulur Darrel lan Deborah soal ngatasi masalah perkawinan?
8. Sinau Alkitab Jemaat
(30 men.) lfb Pelajaran 22, Pengantar Bagian 5, lan Pelajaran 23