5-11 JANUARI
YÉSAYA 17-20
Lagu 153 lan Donga | Pembuka (1 men.)
1. Sing Bakal Dialami karo Wong-Wong sing Nentang Awaké Dhéwé
(10 men.)
Keadaan donya saiki kaya laut sing ombaké ora tau meneng (Yés 17:12; w18.06 8 ¶16)
Akèh sing nentang lan nganiaya merga awaké dhéwé ora gelem mèlu urusan politik (Yoh 15:18, 19; w16.04 22 ¶4)
Sedhéla manèh, Yéhuwah bakal nylametké awaké dhéwé saka wong-wong sing nentang (Yés 17:13, 14; ip-1-IN 198 ¶20)
2. Wulangan Penting
(10 men.)
Yés 18:1, 2—Saka keterangan ing ayat iki, ngapa kok awaké dhéwé isa yakin nèk isiné Alkitab isa dipercaya? (w21.05 31 ¶2-3)
Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?
3. Maca Alkitab
(4 men.) Yés 19:1-12 (th Pelajaran 11)
4. Mulai Omong-omongan
(3 men.) ING OMAH-OMAH. Wong sing ditemoni wis nikah. Bahasen salah siji topik sing ana ing Lampiran A ing brosur Sayang Kabèh Wong. (lmd Pelajaran 2 nomer 3)
5. Mupuk Minat
(4 men.) ING OMAH-OMAH. Tawakna pelajaran Alkitab. (lmd Pelajaran 8 nomer 4)
6. Ceramah
(5 men.) lmd Lampiran A nomer 14—Judhul: Gusti Allah Péngin Awaké Dhéwé Ndonga karo Dhèwèké. (th Pelajaran 8)
Lagu 148
7. ”Éling karo Gunung Watu lan Bèntèngmu”
(10 men.) Rembugan.
Yéhuwah kuwi Gunung Watu lan bèntèngé awaké dhéwé. (Yés 17:10) Dhèwèké nylametké wong-wong sing berlindung karo Dhèwèké. (Mzm 144:1, 2) Meskipun Yéhuwah ora langsung nyingkirké kabèh masalah, tapi Dhèwèké isa ngekèki awaké dhéwé kekuwatan bèn isa ngadhepi kuwi.—1Kor 10:13.
Salah siji bukti nèk nganggep Yéhuwah Gunung Watuné awaké dhéwé kuwi nèk manut karo Dhèwèké. Setèlen VIDÉO Niru Sahabaté Yéhuwah—Hanania, Misyaèl, lan Azaria. Nèk ana, bocah-bocah sing wis dipilih dikon maju, terus takonana pertanyaan-pertanyaan ing ngisor iki, utawa takona karo kabèh sing teka:
Piyé Yéhuwah nylametké sahabaté?—Dan 3:24-28
Apa buktiné nèk Hanania, Misyaèl, lan Azaria kuwi sahabaté Yéhuwah?
Kowé angèl manut Yéhuwah pas apa?
Piyé bèn kowé isa manut Yéhuwah?
8. Saben Dina Kowé Isa Sinau saka Sahabaté Yéhuwah
(5 men.) Rembugan.
Sèri vidéo Niru Sahabaté Yéhuwah digawé kanggo bocah-bocah sing lagi mulai belajar maca. Ing vidéo kuwi dibahas tokoh-tokoh Alkitab sing sayang Yéhuwah. Vidéo kuwi nyemangati bocah-bocah bèn saben dina sinau saka sahabaté Yéhuwah.
Piyé bèn kowé saben dina isa sinau soal Yéhuwah lan sahabaté?
Kowé péngin ngerti luwih akèh tokoh Alkitab sing endi, lan ngapa?
9. Sinau Alkitab Jemaat
(30 men.) lfb Pelajaran 50, Pengantar Bagian 9, lan Pelajaran 51