ARTIKEL PELAJARAN 36
LAGU 103 Gembala Kuwi Hadiah saka Yéhuwah
Aja Ragu-Ragu Njaluk Bantuané Pinituwa
”Apa ana ing antaramu sing lagi lara? Dhèwèké kudu ngundang para pinituwa ing jemaat.”—YAK. 5:14.
INTI
Njaluk bantuané pinituwa, terutama pas imané lagi lemah.
1. Apa buktiné nèk Yéhuwah nganggep umaté berharga?
YÉHUWAH nganggep domba-dombané, yaiku umaté, berharga. Buktiné, meréka ”wis dituku nganggo getihé Anaké”. Yéhuwah ya nyedhiakké para pinituwa. (Kis. 20:28) Yéhuwah péngin para pinituwa apikan karo umaté. Manut arahané Yésus, para pinituwa bakal nguwatké lan mbantu umaté Yéhuwah bèn isa terus cedhak karo Yéhuwah.—Yés. 32:1, 2.
2. Sapa sing terutama digatèkké Yéhuwah? (Yèhèzkièl 34:15, 16)
2 Yéhuwah perduli karo kabèh umaté. Tapi sing terutama digatèkké kuwi sing hubungané lagi ora cedhak karo Dhèwèké. Yéhuwah nggunakké para pinituwa kanggo mbantu meréka. (Wacanen Yèhèzkièl 34:15, 16.) Tapi, Yéhuwah péngin meréka ya nduwé inisiatif kanggo njaluk bantuan. Njaluk bantuané kuwi ora mung njaluk bantuané Yéhuwah liwat donga, tapi ya njaluk bantuané para ”gembala lan guru” ing jemaat.—Éf. 4:11, 12.
3. Apa manfaaté pembahasan artikel iki?
3 Ing artikel iki bakal dibahas piyé Yéhuwah nggunakké pinituwa kanggo mbantu umaté sing imané lagi lemah. Ana pertanyaan-pertanyaan: Kapan kudu njaluk bantuané pinituwa? Ngapa kok kudu njaluk bantuan? Pinituwa mbantuné piyé? Saka artikel iki, awaké dhéwé bakal luwih menghargai upayané Yéhuwah kanggo mbantu liwat pinituwa lan ya bakal dadi ngerti apa sing kudu dilakukan nèk hubungané karo Yéhuwah dadi adoh.
KAPAN KUDU NJALUK BANTUANÉ PINITUWA?
4. Apa buktiné nèk wong lara ing Yakobus 5:14-16, 19, 20 kuwi maksudé wong sing hubungané lagi ora cedhak karo Yéhuwah? (Deloken gambar.)
4 Wektu njelaské soal perané para pinituwa, Yakobus nulis, ”Apa ana ing antaramu sing lagi lara? Dhèwèké kudu ngundang para pinituwa ing jemaat.” (Wacanen Yakobus 5:14-16, 19, 20.) Gatèkna nèk sing lara kuwi dikon ngundang pinituwa, dudu dokter. Terus, Yakobus ya nyebutké nèk wong sing lara kuwi dadi mari wektu dosa-dosané wis diampuni. Dadi, sing dimaksud Yakobus iki dudu wong sing lara tenan, tapi wong sing hubungané lagi ora cedhak karo Yéhuwah. Nah, padha kaya wong sing lara bèn mari kudu ing dokter, nyritakké keluhané, terus kudu manut petunjuk saka dokter, bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah, ya kudu nemoni pinituwa, nyritakké masalahé, lan manut naséhaté saka Alkitab.
Nèk lara, kudu lunga ing dokter. Nèk imané mulai lemah, kudu njaluk bantuané pinituwa. (Deloken paragraf 4)
5. Bèn isa ngerti hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah isih apik apa ora, kudu piyé?
5 Menurut Yakobus bab 5, nèk mulai ngrasa hubungané karo Yéhuwah dadi adoh, awaké dhéwé dikon nemoni pinituwa. Kuwi apiké dilakukan sakdurungé hubungané bener-bener rusak. Terus menurut Alkitab, nèk ora ngati-ati, isa waé ya dadi mikir nèk hubungané karo Yéhuwah isih ora apa-apa, tapi ternyata sakjané ana masalah. (Yak. 1:22) Kuwi sing dialami beberapa wong Kristen ing Sardis, makané Yésus ngélikké meréka. (Why. 3:1, 2) Bèn isa ngerti apa hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah isih apik, isa mbandhingké semangaté awaké dhéwé pas bar dibaptis karo semangaté saiki. (Why. 2:4, 5) Pikirna, ’Apa aku isih menikmati pembacaan Alkitab lan ngrenungké saben dina? Apa aku isih rutin teka lan persiapan kanggo pertemuan ibadah? Apa aku isih menikmati nginjil, utawa malah pilih melakukan kegiatan liya? Apa saiki aku malah luwih ngutamakké dhuwit?’ Saka jawaban-jawaban kuwi, mengko isa dadi ngerti apa hubungané karo Yéhuwah mulai ora cedhak. Nèk kuwi ora ndang ditangani, mengko isa dadi tambah parah. Nah, nèk ngrasa ora sanggup nangani kuwi dhéwé utawa malah wis melakukan hal sing salah, kudu njaluk bantuané pinituwa.
6. Apa sing kudu dilakukan wong sing wis nggawé dosa gedhé?
6 Kanggo sing wis nggawé dosa gedhé, sing isa marakké ditokké saka jemaat, wong kuwi kudu nemoni pinituwa. (1 Kor. 5:11-13) Soalé, bèn hubungané karo Yéhuwah isa cedhak manèh, wong sing wis nggawé dosa gedhé butuh bantuan, ora isa nèk berupaya dhéwé. Yéhuwah bakal ngampuni dosané mung nèk dhèwèké ”nduduhké pertobatan liwat tumindaké”. (Kis. 26:20) Nah, ’tumindak’ kuwi termasuk ngakoni dosané ing pinituwa.
7. Sapa manèh sing butuh bantuané para pinituwa?
7 Para pinituwa ora mung mbantu sing nggawé dosa gedhé, tapi ya sing lagi berjuang kanggo nglawan kepénginan sing salah. (Kis. 20:35) Mungkin sakdurungé dadi Seksi Yéhuwah ana sing kecanduan narkoba, pornografi, utawa sèks bébas. Nah saiki, meréka kudu berjuang mati-matian nglawan kepénginan salah kuwi. Aja ngrasa nèk kudu ngadhepi kuwi dhèwèkan. Wong kuwi kudu ngomong karo pinituwa sing dhèwèké percaya. Pinituwa kuwi bakal ngrungokké tenanan, ngekèki naséhat sing cocog, lan ngélingké nèk Yéhuwah seneng karo upayané kanggo nglawan kepénginan sing salah. (Pkh. 4:12) Nah, nèk dadi cilik ati merga kepénginan sing salah muncul terus, pinituwa isa ngélingké nèk Yéhuwah seneng merga wong kuwi wis gelem njaluk bantuan. Kuwi bukti nèk ora ngendelké kekuwatané dhéwé, lan nèk wong kuwi nganggep hubungané karo Yéhuwah penting banget.—1 Kor. 10:12.
8. Apa saben nggawé kesalahan kudu ngomong karo pinituwa? Jelasna.
8 Tapi kuwi ora berarti saben nggawé kesalahan kudu ngomong karo pinituwa. Misalé ngéné, mungkin njenengan ngomong sesuatu sing nglarani ati utawa nesu-nesu karo sedulur seiman. Daripada langsung nemoni pinituwa, manuta naséhaté Yésus kanggo nemoni sedulur sing wis dilarani kuwi lan njaluk ngapura. (Mat. 5:23, 24) Njenengan ya isa sinau luwih akèh soal watak sing alus, sabar, lan ngendhalèni dhiri. Nèk masalahé ora rampung-rampung, njenengan isa njaluk bantuané pinituwa. Kuwi kaya sing dialami Éuodia lan Sintikhé saka jemaat Filipi. Wektu meréka padu lan ora isa ngrampungi masalahé, Paulus njaluk tulung siji sedulur lanang ing jemaat kanggo mbantu meréka.—Flp. 4:2, 3.
NGAPA KOK KUDU NJALUK BANTUANÉ PINITUWA?
9. Meskipun isin sakwisé nggawé kesalahan, ngapa kok kudu tetep njaluk bantuané pinituwa? (Wulang Bebasan 28:13)
9 Mémang nèk bar nggawé dosa gedhé utawa gagal nglawan kepénginan sing salah, kanggo njaluk bantuané pinituwa mungkin rasané isin. Tapi aja nganti ora sida njaluk bantuan. Kudu beriman lan kendel. Élinga nèk Yéhuwah sing wis nyedhiakké para pinituwa kanggo mbantu bèn awaké dhéwé isa terus cedhak karo Yéhuwah. Dadi nèk gelem njaluk bantuané pinituwa, kuwi bukti nèk percaya lan manut Yéhuwah. Kuwi ya berarti sadhar nèk butuh bantuan kanggo melakukan sing bener. (Mzm. 94:18) Terus, nèk gelem ngakoni dosa lan ora mbalèni manèh, awaké dhéwé isa yakin bakal dimesakké Yéhuwah.—Wacanen Wulang Bebasan 28:13.
10. Apa akibaté nèk dosané ditutup-tutupi?
10 Nèk wis nggawé dosa gedhé tapi ora gelem ngaku karo pinituwa, kuwi isa marakké situasiné dadi tambah parah. Wektu Raja Daud ora gelem ngakoni dosané, dhèwèké dadi strès, awaké lara kabèh, lan hubungané karo Yéhuwah dadi rusak. (Mzm. 32:3-5) Padha kaya nèk lara ora ndang diobati mengko keadaané isa dadi tambah parah, wong sing wis nggawé dosa gedhé, nèk ora ndang ngomong karo pinituwa, mengko hubungané karo Yéhuwah isa bener-bener rusak. Makané, Yéhuwah ngongkon wong kuwi ngaku karo pinituwa.—Yés. 1:5, 6, 18.
11. Nèk dosa sing gedhé ditutup-tutupi, apa akibaté kanggo wong liya?
11 Nèk wis nggawé dosa gedhé tapi ora gelem ngakoni, mengko isa marakké wong liya mèlu susah. Yéhuwah isa waé ora gelem ngekèki roh suciné manèh kanggo jemaat lan para sedulur dadi ora isa rukun. (Éf. 4:30) Tapi piyé nèk ngerti ana sedulur sing nggawé dosa gedhé? Kudu ngandhani sik sedulur kuwi bèn dhèwèké dhéwé sing ngomong karo pinituwa. Nèk sakwisé beberapa waktu dhèwèké ora lapor pinituwa, awaké dhéwé sing kudu ngomong karo pinituwa. Soalé nèk ora, kuwi berarti ya mèlu dosa. (Km. 5:1) Merga sayang lan setya karo Yéhuwah, awaké dhéwé tergerak kanggo ngomong karo pinituwa nèk ana sing nggawé dosa. Kuwi ya bukti nèk péngin nglindhungi sedulur liyané lan péngin bèn sing nggawé dosa mau isa dibantu bèn cedhak manèh karo Yéhuwah.
PARA PINITUWA MBANTUNÉ PIYÉ?
12. Kanggo wong-wong sing hubungané karo Yéhuwah lagi ora cedhak, para pinituwa mbantuné piyé?
12 Yéhuwah ngongkon para pinituwa mbantu wong-wong sing hubungané lagi ora cedhak karo Yéhuwah. (1 Tés. 5:14) Makané pinituwa bakal nakon-nakoni wong kuwi bèn isa ngerti isi ati lan pikirané. (WB. 20:5) Wektu ditakon-takoni, apiké jujur waé lan critakna masalah sing lagi diadhepi. Aja isin utawa kuwatir mengko nèk ngomongé ”ngawur”. (Ayb. 6:3) Para pinituwa bakal ngrungokké tenanan bèn ngerti kabèh faktané sakdurungé ngekèki naséhat sing cocog saka Alkitab. Meréka ora bakal cepet-cepet nyalahké. (WB. 18:13) Para pinituwa ngerti nèk kanggo ngekèki bantuan kuwi mungkin ora cukup nèk pertemuané mung sekali thok.
13. Apa manfaaté donga lan naséhaté para pinituwa saka Alkitab? (Deloken gambar.)
13 Para pinituwa ora bakal nggawé njenengan semakin ngrasa bersalah. Meréka malah bakal ndongakké njenengan. Dongané meréka kuwi ”gedhé kekuwatané lan bener-bener isa mbantu”. Njenengan bakal ngrasa tenang lan dikuwatké bahkan mungkin ngluwihi sing njenengan bayangké. Meréka ya bakal ’ngolèské minyak nganggo jenengé Yéhuwah’. (Yak. 5:14-16) ”Minyak” kuwi maksudé isiné Alkitab. Dadi, para pinituwa bakal ngrembug ayat-ayat Alkitab bèn njenengan dadi terhibur lan nduwé hubungan sing cedhak manèh karo Yéhuwah. (Yés. 57:18) Naséhaté meréka ya isa marakké njenengan luwih bertékad manèh kanggo melakukan sing bener. Liwat para pinituwa, Yéhuwah seolah-olah ngomong karo njenengan, ”Iki dalané. Mlakua liwat kéné.”—Yés. 30:21.
Para pinituwa nggunakké Alkitab kanggo nguwatké lan nyemangati wong sing imané lemah (Deloken paragraf 13-14)
14. Menurut Galatia 6:1, piyé para pinituwa mbantu wong sing ”tumindaké ngarah marang sing salah”? (Deloken gambar.)
14 Wacanen Galatia 6:1. Wong sing ”tumindaké ngarah marang sing salah” kuwi berarti dhèwèké ora melakukan sing dikarepké Yéhuwah. Mungkin sedulur kuwi wis nggawé keputusan sing ora wicaksana utawa wis nggawé dosa gedhé. Merga sayang, para pinituwa bakal ”mbantu dhèwèké supaya nindakké sing bener manèh” tapi carané ”alus”. Kata Yunani sing diterjemahké dadi ”mbantu” kuwi gambarané kaya dokter sing berupaya mbenerké manèh posisi balung sing wis gèsèr bèn ora ana kerusakan sing permanèn. Nah pas melakukan kuwi, dokter bakal ngati-ati banget bèn pasièné aja nganti kelaran. Padha kaya ngono, wektu mbantu wong sing ”tumindaké ngarah marang sing salah”, para pinituwa bakal berupaya bèn aja nganti marakké wong kuwi tambah cilik ati. Sakliyané kuwi, para pinituwa dhéwé ya kudu ”ngati-ati”. Meréka kudu ngrumangsani nèk durung sempurna lan isa waé nggawé salah. Dadi, meréka ora bakal nganggep dhiri luwih bener, tapi bakal tetep rendah hati lan gampang mesakké.—1 Ptr. 3:8.
15. Pas lagi ana masalah, apa sing isa dilakukan?
15 Para pinituwa isa dipercaya. Meréka wis diajari Yéhuwah bèn njaga rahasia. Meréka ya wis dilatih bèn ngekèki naséhat saka Alkitab, dudu pendapaté dhéwé. Meréka ya ngerti nèk kudu terus mbantu sedulur seiman sing nduwé masalah. (WB. 11:13; Gal. 6:2) Mémang, para pinituwa nduwé sifat lan pengalaman sing béda-béda, tapi kabèh pinituwa isa dijaluki bantuan. Tapi élinga, aja nggolèk naséhat utawa takon-takon karo pinituwa sing béda-béda mung bèn éntuk naséhat sing dikarepké. Nèk kaya ngono, kuwi berarti awaké dhéwé kaya wong-wong sing mung gelem ngrungokké ”apa sing péngin dirungokké” dudu ngrungokké ”ajaran sing bener” saka Alkitab. (2 Tim. 4:3) Sakliyané kuwi, wektu njaluk bantuané pinituwa, mungkin pinituwa kuwi bakal takon apa awaké dhéwé wis ngomong karo pinituwa liya lan éntuk naséhat apa. Merga ngerti keterbatasan, pinituwa kuwi mungkin ya bakal njaluk naséhat saka pinituwa liyané.—WB. 13:10.
TANGGUNG JAWABÉ SABEN WONG
16. Apa tanggung jawabé awaké dhéwé?
16 Meskipun para pinituwa bakal ngekèki naséhat lan mbantu, tapi meréka ora bakal ngongkon-ngongkon utawa nggawèkké keputusan. Liwat omongan lan perbuatan, saben wong kudu mbuktèkké nèk sayang lan péngin nggawé Yéhuwah seneng. (Rm. 14:12) Awaké dhéwé mesthi isa nggawé keputusan sing bener lan terus setya nèk dibantu Yéhuwah. Makané, para pinituwa bakal nggunakké Alkitab bèn awaké dhéwé ngerti sing dikarepké Yéhuwah, terus isa nggawé keputusan dhéwé. Nèk manut naséhaté meréka, mengko ”pikirané [awaké dhéwé] dilatih” bèn isa nggawé keputusan sing bener.—Ibr. 5:14.
17. Wektu ngrasa imané lemah utawa hubungané karo Yéhuwah ora cedhak, kudu piyé?
17 Bersyukur banget isa dadi domba-dombané Yéhuwah. Yéhuwah wis ngongkon Yésus ”gembala sing apik” kanggo ngorbanké nyawané bèn manungsa isa urip saklawasé. (Yoh. 10:11) Liwat para pinituwa, Yéhuwah nepati janjiné, ”Aku bakal mènèhi kowé gembala-gembala sing bakal tumindak sesuai karo karep-Ku. Wong-wong kuwi bakal mènèhi kowé pengetahuan lan pemahaman.” (Yér. 3:15) Dadi, wektu ngrasa imané mulai lemah utawa hubungané ora cedhak karo Yéhuwah, aja ragu njaluk bantuané pinituwa. Mengko njenengan bakal ngrasakké manfaat bantuané Yéhuwah liwat para pinituwa.
LAGU 31 Manut karo Huwah Gusti