ARTIKEL PELAJARAN 44
LAGU 138 Uwan Kaya Mahkota
Tetep Bahagia Wektu Wis Tuwa
”Senajan wis tuwa . . . tetep metu buahé.”—MZM. 92:14.
INTI
Ngapa kok para lansia kudu ngupaya bèn terus bahagia lan piyé carané.
1-2. Kanggoné Yéhuwah, umaté sing wis lansia kuwi dipadhakké kaya apa? (Mazmur 92:12-14; deloken gambar.)
KANGGONÉ beberapa wong, dadi tuwa kuwi suatu kehormatan. Tapi kanggo wong liyané, meréka bahkan ora gelem kétok tuwa. Misalé, nèk ana uwan siji waé, mesthi langsung péngin dicabut. Tapi, gelem ora gelem, kabèh wong mesthi bakal dadi tuwa.
2 Lha nèk kanggoné Yéhuwah piyé? (WB. 16:31) Yéhuwah madhakké umaté sing wis lansia kaya wit sing metu buahé, utawa subur. (Wacanen Mazmur 92:12-14.) Ngapa kok kuwi cocog? Wit sing wis tuwa biasané apik banget merga akèh godhongé lan akèh kembangé. Salah siji contoné kuwi wit sakura. Ana wit sakura sing apik banget sing umuré wis luwih saka sèwu taun. Kaya wit kuwi, umaté Yéhuwah sing wis lansia lan setya nglayani bertaun-taun ya berharga banget kanggoné Yéhuwah. Sing didelok Yéhuwah dudu uwané meréka, tapi sifat-sifaté sing apik lan kesetiaané meréka nglayani Yéhuwah selama bertaun-taun.
Semakin tuwa, wit dadi kétok semakin apik. Merga sifat-sifaté sing apik, umaté Yéhuwah sing wis lansia ya dadi semakin berharga kanggo Yéhuwah lan wong liya. (Deloken paragraf 2)
3. Kèkana conto piyé Yéhuwah isih nggunakké umaté sing wis lansia kanggo melakukan sing dadi karepé.
3 Apa buktiné nèk meréka tetep dianggep berharga karo Yéhuwah meskipun wis lansia?a Yéhuwah isih nggunakké meréka kanggo melakukan sing dadi karepé. Misalé, Sara wis tuwa wektu Yéhuwah ngandhani nèk dhèwèké bakal nduwé anak lanang lan anaké bakal dadi bangsa sing gedhé. Sara ya bakal dadi nènèk moyangé Mésias. (PD. 17:15-19) Musa ya wis tuwa wektu Yéhuwah ngutus dhèwèké mbébaské bangsa Israèl saka Mesir. (Pa. 7:6, 7) Terus, Rasul Yohanes ya wis tuwa banget wektu dikon Yéhuwah nulis lima buku Alkitab.
4. Menurut Wulang Bebasan 15:15, piyé bèn para lansia isa tetep menikmati masa tuané? (Deloken gambar.)
4 Semakin tuwa, masalah keséhatan lan tantangan-tantangan liyané ya semakin akèh. Makané, nganti ana sing ngomong, ”Menjalani masa tua kuwi ora gampang.” Tapi meskipun ana akèh kesulitan, para lansia isa tetep menikmati masa tuané nèk meréka selalu bahagia.b (Wacanen Wulang Bebasan 15:15.) Ing artikel iki bakal dibahas hal-hal sing isa dilakukan para lansia bèn isa terus bahagia lan piyé para sedulur isa mbantu para lansia ing jemaaté. Saiki, ayo mbahas sik apa waé sing isa marakké para lansia dadi ora bahagia.
Nèk nggatèkké hal-hal apik sing wis dilakukan Yéhuwah, para lansia isa tetep bahagia meskipun ngadhepi akèh kesulitan (Deloken paragraf 4)
SING ISA MARAKKÉ PARA LANSIA DADI ORA BAHAGIA
5. Apa waé sing mungkin marakké beberapa lansia dadi cilik ati utawa nglokro?
5 Ana hal-hal sing isa waé marakké para lansia dadi cilik ati utawa nglokro. Salah sijiné, mungkin merga ora isa melakukan hal-hal sing mbiyèné isa dilakukan pas isih enom lan pas isih séhat. (Pkh. 7:10) Misalé, Sedulur Ruby crita, ”Arep nganggo klambi waé kangèlan, soalé obah sithik waé awakku lara kabèh. Bahkan arep nganggo kaos kaki ya angèl, soalé sikilku lara nèk tak angkat. Terus, merga radang sendi, tanganku dadi kaku. Dadi, melakukan hal sing sederhana waé angèl banget.” Sedulur Harold sing tau nglayani ing Bètel crita, ”Mbiyèn, pas isih enom aku ki wongé aktif banget, kaya ora nduwé kesel. Aku ya jago main bisbol. Bahkan nganti ana sing ngomong nèk sak tim karo aku mesthi bakal menang. Tapi saiki, nguncalké bal waé aku wis ora kuwat. Kuwi kadhang marakké aku dadi frustrasi.”
6. (a) Apa manèh sing isa marakké beberapa lansia dadi cilik ati? (b) Apa sing isa dipikirké wektu kudu mutuské arep mandheg nyetir apa ora? (Deloken artikel ing majalah iki sing judhulé ”Apa Aku Mémang Isih Sanggup Nyetir Kendaraan Dhéwé?”)
6 Terus, beberapa lansia dadi cilik ati mungkin merga saiki apa-apa kudu dibantu wong liya. Terutama, nèk nganti kudu ana sing momong utawa kudu sak omah karo anaké. Utawa, mungkin merga keséhatan lan mripaté wis ora jelas, dadi ora isa ing endi-endi dhèwèkan lan ora isa nyetir mobil, numpak motor, utawa sepédha. Kuwi isa marakké frustrasi. Tapi élinga, meskipun wis ora isa melakukan hal-hal kuwi, njenengan isih tetep dianggep berharga karo Yéhuwah lan wong liya. Yakina nèk Yéhuwah ngerti sing njenengan rasakké. Yéhuwah ngerti nèk njenengan sayang karo Dhèwèké lan para sedulur. Kuwi sing paling penting kanggo Yéhuwah.—1 Sam. 16:7.
7. Nèk sedhih merga mikiré bakal mati sakdurungé Armagédon, apa sing isa direnungké?
7 Beberapa lansia isa waé ya sedhih merga mikir nèk bakalé mati sakdurungé Armagédon teka. Nèk ngrasa kaya ngono, kudu piyé? Élinga nèk ana alesané ngapa kok Yéhuwah gelem sabar ora ndang nyingkirké donya sing jahat iki. (Yés. 30:18) Merga Yéhuwah sabar, ana jutaan wong sing isa nduwé kesempatan kenal Yéhuwah lan milih nglayani Dhèwèké. (2 Ptr. 3:9) Dadi, nèk pas ngrasa nglokro merga mikir kaya ngono, renungna sepira akèhé wong sing bakal kenal Yéhuwah lan dadi sahabaté merga Yéhuwah tetep sabar. Bahkan mungkin, isa waé kuwi ya termasuk keluargané njenengan.
8. Merga kondhisi keséhatané, isa waé para lansia dadi piyé?
8 Ora soal umuré pira, kadhang nèk lagi lara utawa awaké ora pénak, omongan lan tindakan isa waé dadi ngawur. (Pkh. 7:7; Yak. 3:2) Misalé, Ayub pas lagi ngrasakké larané, ’omongané dadi sembrana, ora dipikir dhisik’. (Ayb. 6:1-3, cathetan ngisor) Terus, merga kondhisi keséhatan, kuwi ya isa marakké tindakan lan omongané para lansia dadi ora kaya biasané. Tapi kuwi ora berarti mung merga wis tuwa utawa merga kondhisi keséhatan, terus dadi éntuk kasar utawa seneng nuntut wong liya. Nèk sadhar wis marakké wong liya lara ati, kuduné ndang langsung njaluk ngapura.—Mat. 5:23, 24.
PIYÉ BÈN ISA SELALU BAHAGIA?
Piyé bèn isa terus bahagia meskipun ngadhepi akèh kesulitan wektu wis tuwa? (Deloken paragraf 9-13)
9. Ngapa kok kudu gelem dibantu? (Deloken gambar.)
9 Kudu gelem dibantu. (Gal. 6:2) Mémang, mungkin awalé kuwi ora gampang. Sedulur Gretac ngomong, ”Kadhang, aku wegah ditulungi wong liya soalé mengko aku ndak dadi bebané meréka. Butuh wektu nganti aku ora mikir kaya ngono manèh lan akhiré sadhar diri ngakoni nèk aku mémang butuh bantuan.” Nah, nèk njenengan gelem dibantu wong liya, mengko wong sing mbantu kuwi bakal bahagia merga isa ngekèki. (Kis. 20:35) Terus, njenengan dhéwé ya bakal bahagia merga ngrasakké nèk wong liya sayang lan nggatèkké njenengan.
(Deloken paragraf 9)
10. Ngapa kok aja lali kanggo nduduhké rasa maturnuwun? (Deloken gambar.)
10 Nduduhké rasa maturnuwun. (Kol. 3:15; 1 Tés. 5:18) Wektu dibantu utawa dikèki sesuatu, mesthi rasané bersyukur. Tapi, aja lali kanggo nduduhké rasa syukur kuwi. Nèk njenengan senyum lan ngomong maturnuwun, mengko wong sing mbantu mesthi ngrasa dihargai. Sedulur Lea, sing ngrawat sedulur-sedulur lansia ing Bètel, crita, ”Ana sedulur wédok lansia sing seneng ngekèki aku kartu ucapan terima kasih. Mémang kata-katané mung singkat, tapi marakké aku trenyuh banget. Aku seneng merga ngerti nèk kerja kerasku dihargai.”
(Deloken paragraf 10)
11. Piyé carané para lansia mbantu liyané? (Deloken gambar.)
11 Berupaya mbantu wong liya. Nèk seneng mikirké lan nggolèk cara kanggo mbantu wong liya, mengko dadi ora terlalu fokus karo masalahé njenengan dhéwé. Ana peribahasa Afrika sing madhakké lansia kaya perpustakaan. Buku-buku ing kono isiné akèh pelajaran berharga. Tapi nèk bukuné ora diwaca, ya ora bakal éntuk pelajaran berhargané. Padha kaya ngono, nèk para lansia ora berbagi pengalaman lan pengetahuané, cah-cah enom ya ora bakal éntuk pelajaran berharga. Dadi, wektu omong-omongan, coba takonana cah-cah enom kuwi, terus rungokna tenanan. Critakna piyé Yéhuwah selama iki mbantu njenengan lan kandhanana nèk meréka ya bakal bahagia nèk manut Yéhuwah. Nèk seneng nguwatké lan menghibur cah-cah enom, njenengan mesthi bakal bahagia.—Mzm. 71:18.
(Deloken paragraf 11)
12. Menurut Yésaya 46:4, Yéhuwah janji apa karo para lansia? (Deloken gambar.)
12 Ndonga njaluk kekuwatan. Kadhang, isa waé njenengan dadi ora semangat merga ngrasa kesel, ora nduwé tenaga. Tapi, élinga nèk Yéhuwah kuwat banget. Dhèwèké ”ora tau kesel lan ora tau entèk kekuwatané”. (Yés. 40:28) Dhèwèké isa ngekèki njenengan kekuwatan sing dibutuhké. (Yés. 40:29-31) Malah, Yéhuwah dhéwé janji nèk bakal nulungi. (Wacanen Yésaya 46:4.) Lan Yéhuwah selalu nepati janjiné. (Yos. 23:14; Yés. 55:10, 11) Nèk ndonga lan ngrasakké dhéwé Yéhuwah sayang lan ndhukung, mengko njenengan bakal bahagia.
(Deloken paragraf 12)
13. Menurut 2 Korintus 4:16-18, apa sing kudu terus diéling-éling? (Deloken gambar.)
13 Éling nèk bakal dadi enom lan séhat manèh. Biasané, awaké dhéwé luwih isa bertahan ngadhepi kesulitan nèk ngerti kesulitan kuwi sedhéla manèh bakal berakhir. Nah, Yéhuwah janji nèk sedhéla manèh wong bakal dadi enom lan séhat terus. (Ayb. 33:25; Yés. 33:24) Dadi, njenengan isa bahagia merga ngerti nèk sukmbèn njenengan bakal luwih ayu, nggantheng, séhat, lan kuwat. (Wacanen 2 Korintus 4:16-18.) Saiki, ayo mbahas piyé wong liya isa mbantu para lansia.
(Deloken paragraf 13)
PIYÉ WONG LIYA ISA MBANTU?
14. Ngapa kok para sedulur lansia kudu dikunjungi lan dihubungi?
14 Rutin ngunjungi lan ngubungi para sedulur lansia. (Ibr. 13:16) Para lansia isa waé ngrasa kesepian. Sedulur Carl crita, ”Saka ésuk nganti bengi, aku ing omah terus. Aku dadi bosen merga kegiatanku mung ngono-ngono waé. Rasané aku kaya singa ing njero kandhang. Aku dadi strès lan gampang nesu.” Nèk dikunjungi, para lansia bakal ngrasa digatèkké, dianggep penting, lan disayangi. Tapi merga sibuk, isa waé awaké dhéwé péngin ngunjungi utawa ngubungi sedulur lansia, tapi ora kober. Piyé bèn isa ”mastèkké endi sing luwih penting”, termasuk ngunjungi para sedulur lansia? (Flp. 1:10) Tulisen jeneng-jenengé sedulur lansia ing jemaaté njenengan, terus bèn ora lali, tentokna dina apa arep nge-chat, nélpon, utawa mara ing omahé meréka.
15. Cah enom isa melakukan kegiatan apa waé karo para lansia?
15 Nèk kowé cah enom, mungkin kowé bingung arep ngomong apa utawa melakukan apa karo para lansia. Tapi, aja terlalu kuwatir. Dadia kancané meréka waé. (WB. 17:17) Sakdurungé utawa sakwisé pertemuan ibadah, ajaken meréka omong-omongan. Takonana ayat favorité utawa pengalamané sing lucu pas isih enom. Terus, ya isa dijak nonton bareng JW Broadcasting®. Kowé ya isa ngekèki bantuan praktis, misalé isa mbantu mastèkké aplikasi ing HP utawa tablèté wis nganggo vèrsi sing paling anyar. Utawa, mbantu ndownload publikasi sing paling anyar. Sedulur lansia sing jenengé Carol ngomong, ”Meskipun wis tuwa, aku ya péngin menikmati urip. Aku seneng blanja, mangan ing njaba, lan piknik. Dadi, ajaken waé sedulur lansia melakukan kegiatan sing mbok senengi.” Terus, sedulur enom sing jenengé Mira crita, ”Kancaku kuwi lansia sing umuré 90 taun. Umur kami kacèké 57 tapi ora krasa adoh, soalé kami isa ngguyu bareng lan nonton film bareng. Terus wektu nduwé masalah, kami isa saling crita lan berbagi naséhat.”
16. Apa manfaaté nèk para sedulur lansia dikancani wektu kontrol ing dokter?
16 Ngancani pas kontrol ing dokter. Sakliyané ngeterké, njenengan ya isa ngancani pas ketemu dokter, bèn isa mastèkké para lansia kuwi diperlakukan apik karo perawat utawa dokteré. (Yés. 1:17) Njenengan ya isa mbantu nyathetké sing diomongké dokter. Sedulur lansia sing jenengé Ruth ngomong, ”Biasané nèk aku kontrol dhèwèkan, dokter ora percaya karo omonganku. Malah kadhang dokteré ngomong, ’Njenengan kuwi ora lara. Kuwi mung pikirané njenengan dhéwé.’ Tapi nèk aku dikancani, carané dokter nangani aku kuwi luwih apik. Aku maturnuwun banget karo para sedulur sing gelem ngancani aku ing dokter.”
17. Cara nginjil apa sing isa njenengan lakukan bareng karo para lansia?
17 Ngejak meréka nginjil. Ana lansia sing wis ora kuwat nginjil ing omah-omah. Apa njenengan isa ngejak meréka jaga gerai, mungkin karo nggawakké kursi bèn meréka isa lungguh ing cedhak gerai? Utawa, apa njenengan isa ngejak sedulur lansia ngancani mandhu pelajaran Alkitab? Bahkan mungkin, nèk isa, belajaré ing omahé sedulur lansia kuwi. Para pinituwa ya isa ngatur bèn pertemuan sakdurungé nginjil diadakké ing omahé sedulur lansia bèn meréka isa mèlu. Yéhuwah mesthi seneng nèk umaté berupaya sak isa-isané nduduhké nèk ngajèni lan sayang karo para sedulur lansia.—WB. 3:27; Rm. 12:10.
18. Apa sing bakal dibahas ing artikel pelajaran berikuté?
18 Ing artikel iki wis dibahas nèk Yéhuwah sayang lan menghargai para lansia. Kabèh sedulur ing jemaat ya kaya ngono. Para sedulur lansia, élinga, meskipun ana akèh tantangan, Yéhuwah bakal mbantu bèn njenengan isa selalu bahagia. (Mzm. 37:25) Terus, élinga nèk sukmbèn njenengan ya bakal luwih bahagia manèh. Nah, ing artikel pelajaran berikuté, ayo mbahas piyé bèn para sedulur sing kudu ngrawat lansia, anak-anak, utawa kanca sing lara parah, isa tetep bahagia.
LAGU 30 Bapakku, Allahku, lan Kancaku
a Deloken vidéo ing jw.org utawa JW Library® sing judhulé Sedulur-Sedulur Sepuh, Panjenengan Aji Banget.
b KETERANGAN: Bèn isa bener-bener bahagia, kudu nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Yéhuwah bakal ngekèki roh suciné sing isa marakké bahagia.—Gal. 5:22.
c Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.