PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w25 Desember hlm. 2-7
  • Manfaaté Buku Ayub Wektu Lagi Menderita

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Manfaaté Buku Ayub Wektu Lagi Menderita
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ALESANÉ AYUB DIJARKÉ MENDERITA
  • ISA TERUS SETYA NÈK NGRENUNGKÉ KISAHÉ AYUB
  • NGGUNAKKÉ BUKU AYUB KANGGO MENGHIBUR WONG LIYA
  • Terus ”Berharap marang Yéhuwah”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
  • Manfaaté Buku Ayub Wektu Arep Ngekèki Naséhat
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Ayub Kuwi Sapa?
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
w25 Desember hlm. 2-7

ARTIKEL PELAJARAN 48

LAGU 129 Terus Setya

Manfaaté Buku Ayub Wektu Lagi Menderita

”Gusti Allah mesthi ora bakal tumindak jahat.”—AYB. 34:12.

INTI

Saka buku Ayub dadi ngerti ngapa kok Gusti Allah kétoké meneng waé wektu manungsa susah, lan piyé bèn isa terus setya nglayani wektu lagi susah.

1-2. Apa waé sing marakké buku Ayub kuwi apik kanggo diwaca?

BUKU Ayub kuwi apik kanggo diwaca. Meskipun ditulisé wis luwih saka 3.500 taun mbiyèn, akèh wong nganggep nèk buku kuwi salah siji karya tulis sing paling luar biasa. Meréka muji sing nulis buku kuwi soalé nggunakké kata-kata sing indah, tapi gampang dipahami lan menyentuh hati. Sing nulis buku Ayub kuwi Musa, tapi sing ngarang sakjané Yéhuwah.—2 Tim. 3:16.

2 Buku Ayub kuwi bagian penting saka Alkitab. Soalé, saka buku kuwi awaké dhéwé dadi ngerti nèk ana masalah penting sing diadhepi para malaékat lan manungsa, yaiku soal nyucèkké jeneng Yéhuwah. Ing buku Ayub ya disebutké soal sifat-sifaté Yéhuwah sing luar biasa. Misalé katresnan, kawicaksanan, keadilan, lan kuwasa. Gelaré Yéhuwah ”Sing Mahakuwasa” ya disebutké nganti ping 31. Terus, ya ana akèh banget keterangan sing penting. Misalé, soal ngapa kok Gusti Allah kétoké meneng waé wektu manungsa susah.

3. Apa waé manfaaté nèk mempelajari buku Ayub?

3 Kaya nèk munggah gunung, bar tekan puncak, dadi isa nduwé pandhangan sing luwih luas soal sekitaré. Nah, nèk mempelajari buku Ayub, ya dadi nduwé pandhangan sing luwih jelas soal kesusahan saka pandhangané Yéhuwah. Sakjané, buku Ayub ya isa bermanfaat kanggo wong Israèl mbiyèn, misalé soal apa? Terus, apa manfaaté buku Ayub kanggo awaké dhéwé? Piyé buku Ayub ya isa bermanfaat kanggo mbantu wong liya? Kuwi kabèh bakal dibahas ing artikel iki.

ALESANÉ AYUB DIJARKÉ MENDERITA

4. Apa sing mbédakké Ayub karo wong Israèl ing Mesir?

4 Wektu wong Israèl dadi budhak ing Mesir, ing tanah Uz ana wong lanang sing jenengé Ayub. Uz kuwi lokasiné ing sebelah wétané Tanah Perjanjian, lan sebelah loré Arab. Ing Mesir, wong Israèl akèh sing nyembah brahala. Tapi, Ayub setya nglayani Yéhuwah. (Yos. 24:14; Yèh. 20:8) Yéhuwah nganti ngomong soal Ayub, ”Ora ana sing kaya dhèwèké ing bumi.”a (Ayb. 1:8) Ayub kuwi wong sing paling sugih lan paling diajèni ”ing antarané wong sing manggon ing dhaérah Wétan”. (Ayb. 1:3) Nah, ndelok wong sing terkenal lan dihormati kaya ngono malah nglayani Yéhuwah, jelas Sétan dadi nesu banget.

5. Ngapa kok Yéhuwah kétoké meneng waé wektu Ayub menderita? (Ayub 1:​20-22; 2:​9, 10)

5 Jaréné Sétan, Ayub bakal ninggalké Yéhuwah nèk menderita. (Ayb. 1:​7-11; 2:​2-5) Tudhuhané Sétan kuwi ora isa dijarké ngono waé. Makané, meskipun sayang banget karo Ayub, Yéhuwah seolah-olah meneng waé wektu Ayub menderita bèn Sétan isa mbuktèkké omongané. (Ayb. 1:​12-19; 2:​6-8) Sétan njupuk kabèh ternak lan matèni sepuluh anaké Ayub, terus marakké Ayub sengsara merga kena bisul sak awak. Tapi meskipun wis dingonokké karo Sétan, Ayub tetep setya karo Yéhuwah. (Wacanen Ayub 1:​20-22; 2:​9, 10.) Sakwisé Ayub ngadhepi kuwi kabèh, Yéhuwah marèkké Ayub, ngekèki dhèwèké kekayaan sing luwih akèh, lan ngekèki dhèwèké sepuluh anak manèh. Wong-wong ya padha ngajèni Ayub manèh. Bahkan, umuré Ayub ditambahi 140 taun nganti dhèwèké isa ndelok keturunané patang generasi. (Ayb. 42:​10-13, 16) Saka kisahé Ayub, apa sing isa dipelajari umaté Yéhuwah jaman mbiyèn lan saiki?

6. Apa manfaaté kisahé Ayub kanggo wong Israèl? (Deloken gambar.)

6 Manfaaté kanggo wong Israèl. Wong Israèl menderita banget pas ing Mesir. Misalé, Yosua karo Kalèb bahkan wis dadi budhak kèt isih enom. Terus, merga kesalahané wong liya, meréka ya kudu mengembara ing padhang belantara selama 40 taun. Nèk wong Israèl ngerti soal penderitaané Ayub lan berkah sing akhiré ditampa, wong Israèl wektu kuwi lan generasi berikuté mesthi bakal éntuk manfaat. Meréka isa paham nèk sing marakké menderita kuwi Sétan, dudu Gusti Allah. Meréka ya isa luwih paham ngapa kok kétoké Gusti Allah meneng waé wektu umaté susah lan nèk Yéhuwah sayang banget lan bakal mberkahi umaté sing terus setya meskipun menderita.

Ing Mesir, wong Israèl sing lagi nata bata ndhangak karo merenung. Ing mburiné, wong-wong Mesir nggebugi wong Israèl liyané nganggo tongkat.

Wong Israèl sing wis bertaun-taun dadi budhak ing Mesir, isa éntuk manfaat saka kisahé Ayub (Deloken paragraf 6)


7-8. Terutama kanggo wong-wong sing lagi susah, nèk maca buku Ayub dadi ngerti soal apa? Kèkana conto.

7 Manfaaté kanggo awaké dhéwé. Saiki ya ngono. Akèh wong ora percaya manèh karo Gusti Allah merga ora paham ngapa kok wong apik malah menderita. Contoné, Hanab saka Rwanda. Pas isih enom, dhèwèké percaya karo Gusti Allah. Tapi, bar kuwi dhèwèké ora percaya manèh. Wong tuwané pegatan, terus ibuné nikah manèh, tapi bapak tiriné kejem karo Hana. Terus, pas remaja Hana ya diperkosa. Dhèwèké ngupaya teka ing tempat ibadah tapi ora éntuk penghiburan. Akhiré, Hana ndonga, ”Gusti Allah, aku ki wis berupaya dadi wong apik. Tapi, uripku kok malah mbok gawé menderita. Aku wegah nyembah Kowé manèh. Aku arep urip sak karepku dhéwé.” Kaya Hana, merga ora ngerti sing sak beneré, akèh wong saiki nganggep nèk sing marakké meréka susah kuwi Gusti Allah. Awaké dhéwé mesthi dadi péngin ngandhani meréka soal sing bener.

8 Saka buku Ayub, awaké dhéwé dadi ngerti beberapa hal. Misalé, ngerti nèk sing marakké menderita kuwi Sétan, dudu Gusti Allah. Terus, ngerti nèk wong menderita kuwi dudu hukuman saka kesalahan sing dilakukan. Saka Alkitab ya dadi ngerti nèk sapa waé isa ngalami ”wektu lan kedadéan sing ora disangka-sangka”. (Pkh. 9:11; Ayb. 4:​1, 8) Terus, ya ngerti nèk tetep setya wektu ngadhepi kesulitan, kuwi sakjané kesempatan mbuktèkké nèk tudhuhané Sétan ora bener. (Ayb. 2:3; WB. 27:11) Nah, merga ngerti hal-hal kuwi, akhiré dadi isa ngerti alesan sak tenané ngapa kok wong apik menderita. Hana akhiré belajar Alkitab karo Seksi Yéhuwah lan dadi ngerti nèk sing marakké dhèwèké menderita kuwi dudu Gusti Allah. Hana crita, ”Aku akhiré ndonga manèh karo Gusti Allah lan ngungkapké kabèh isi atiku. Aku ngomong karo Yéhuwah nèk mbiyèn wektu aku ngomong wegah nyembah Dhèwèké manèh kuwi sakjané merga aku durung kenal tenan karo Dhèwèké. Saiki aku wis paham nèk Yéhuwah sayang karo aku. Uripku bahagia lan puas.” Rasané bersyukur banget isa ngerti alesan sak beneré ngapa kok Gusti Allah kétoké meneng waé wektu manungsa susah. Saiki, ayo mbahas manfaat liyané saka contoné Ayub, terutama kanggo umaté Yéhuwah sing lagi susah.

ISA TERUS SETYA NÈK NGRENUNGKÉ KISAHÉ AYUB

9. Wektu menderita, apa sing terus diupayakké Ayub? (Yakobus 5:11)

9 Bayangna sepira menderitané Ayub. Ayub lungguh dhèwèkan ing awu, sak awak kebak bisul, lan kelaran banget. Kulité wis rusak, awaké ya kuru banget. Ayub kétok wis ora nduwé tenaga. Dhèwèké mung lungguh karo nggaruk lukané nganggo pecahan kendhi. Saking larané, dhèwèké ya sambat terus. Tapi, Ayub berupaya bèn terus setya lan percaya karo Yéhuwah, ora mung pasrah karo keadaané. (Wacanen Yakobus 5:11.) Apa sing marakké Ayub isa terus setya?

10. Apa buktiné nèk Ayub akrab karo Yéhuwah? Critakna.

10 Saka omong-omongané karo Yéhuwah, kétok nèk hubungané Ayub karo Yéhuwah kuwi akrab banget. Buktiné, Ayub isa nyritakké kabèh isi atiné ing Yéhuwah lan yakin Yéhuwah ora bakal salah menilai Ayub. (Ayb. 10:​1, 2; 16:20) Misalé, ing bab 3, Ayub nganti wani protès soal penderitaané, sing dhèwèké kira gara-gara Yéhuwah. Terus wektu ditudhuh telu kancané nèk Ayub lagi dihukum Gusti Allah, Ayub njawabé malah langsung ing Yéhuwah lan ngomong nèk dhèwèké tetep setya. Bahkan, saka kata-katané, kétok nèk Ayub ngrasa luwih bener timbang Gusti Allah. (Ayb. 10:​1-3; 32:​1, 2; 35:​1, 2) Ayub ya ngakoni nèk kadhang-kadhang ’omongané ngawur’ kuwi merga péngin mbuktèkké nèk dhèwèké ora salah. (Ayb. 6:​3, 26) Terus ing bab 31, Ayub njaluk jawaban saka Gusti Allah lan ora trima nèk dihukum. (Ayb. 31:35) Padahal sakjané, Ayub ora nduwé hak kanggo nuntut jawaban kuwi saka Gusti Allah.

11. Piyé tanggepané Yéhuwah karo omongané Ayub?

11 Akhiré Yéhuwah njawab Ayub liwat badai. Tapi, Yéhuwah ora njelaské alesané ngapa kok Ayub menderita. Yéhuwah ya ora ngukum Ayub merga wis ngetokké kabèh uneg-unegé lan berupaya mbéla diri. Kaya bapak sing ngandhani anaké, Yéhuwah apikan wektu ngejak Ayub mikir. Hasilé, Ayub akhiré ngakoni dhéwé nèk dhèwèké ora ngerti apa-apa lan dhèwèké gela karo omongané. (Ayb. 31:6; 40:​4, 5; 42:​1-6) Saka kisahé Ayub, apa sing isa dipelajari umaté Yéhuwah jaman mbiyèn lan saiki?

12. Piyé kisahé Ayub isa bermanfaat kanggo wong Israèl?

12 Manfaaté kanggo wong Israèl. Wong Israèl jaman mbiyèn mungkin ya isa belajar soal kesetiaan saka kisahé Ayub. Misalé, Musa. Sebagai pemimpiné wong Israèl, Musa kudu ngadhepi akèh kesulitan, kekecéwaan, lan perasaan cilik ati. Tapi ora kaya wong Israèl sing mbrontak nglawan Yéhuwah, Musa selalu njaluk bantuané Yéhuwah. (Pa. 16:​6-8; Wi. 11:​10-14; 14:​1-4, 11; 16:​41, 49; 17:5) Kisahé Ayub ya mungkin marakké Musa dadi terus setya wektu dinaséhati Yéhuwah. Misalé, sakdurungé mlebu Tanah Perjanjian, Musa ngamuk karo bangsa Israèl lan ”ngomong tanpa dipikir”. Wektu kuwi, Musa ora muji Yéhuwah. (Mzm. 106:​32, 33) Akibaté, Yéhuwah ora ngijinké Musa mlebu Tanah Perjanjian. (PT. 32:​50-52) Meskipun kecéwa, Musa tetep rendah hati lan gelem belajar saka kesalahané kuwi. Kisahé Ayub ya mungkin isa bermanfaat kanggo wong Israèl sing urip sakwisé Musa. Kaya Ayub, meréka isa leluasa nyritakké kabèh perasaané ing Yéhuwah karo tetep éling nèk meréka ora luwih bener timbang Yéhuwah. Meréka mungkin ya isa belajar nèk kudu rendah hati lan nampa naséhaté Yéhuwah.

13. Ngapa kok isa terus setya nèk ngrenungké buku Ayub? (Ibrani 10:36)

13 Manfaaté kanggo awaké dhéwé. (Wacanen Ibrani 10:36.) Umaté Yéhuwah saiki ana sing lara parah, ngadhepi masalah keséhatan méntal, ngadhepi masalah keluarga, ditinggal mati wong sing disayangi, utawa masalah abot liyané. Terus, merga omongan utawa tindakané wong liya sing ora dipikir, keadaan sing wis angèl isa waé dadi tambah abot. (WB. 12:18) Tapi saka buku Ayub, awaké dhéwé dadi ngerti nèk isa nyritakké kabèh sing dirasakké ing Yéhuwah lan yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal ngrungokké. (1 Yoh. 5:14) Bahkan nèk kaya Ayub ’omongané dadi ngawur’, Yéhuwah ya ora bakal nesu. Yéhuwah malah bakal ngekèki kekuwatan lan kawicaksanan sing dibutuhké. (2 Bb. 16:9; Yak. 1:5) Kaya sing dilakukan ing Ayub, nèk pikirané awaké dhéwé klèru, Yéhuwah ya isa ngekèki naséhat. Carané liwat Alkitab, publikasi, pinituwa, utawa sedulur liyané. Terus kaya Ayub, wektu dinaséhati Yéhuwah, awaké dhéwé ya kudu gelem nampa. (Ibr. 12:​5-7) Merga gelem ngrungokké Yéhuwah, Ayub akhiré éntuk manfaat. Kaya Ayub, nèk gelem rendah hati lan nampa naséhaté Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi éntuk manfaaté. (2 Kor. 13:11) Ana akèh banget pelajaran berharga saka buku Ayub. Nah saiki, piyé carané nggunakké buku Ayub kanggo mbantu wong liya?

NGGUNAKKÉ BUKU AYUB KANGGO MENGHIBUR WONG LIYA

14. Nèk ana sing takon ngapa kok wong apik menderita, njelaskéné piyé?

14 Pas nginjil, wektu ana sing takon ngapa kok wong apik menderita, piyé njelaskéné saka Alkitab? Biasané, crita sik soal peristiwa ing Taman Èden. Terus, nyebutké soal Sétan, malaékat jahat, sing ngapusi pasangan manungsa pertama bèn meréka mbrontak nglawan Gusti Allah. (PD. 3:​1-6) Terus nyebutké nèk merga Adam lan Hawa mbrontak, kabèh manungsa dadi menderita lan mati. (Rm. 5:12) Terus njelaské nèk Gusti Allah ngekèki wektu kanggo mbuktèkké nèk tudhuhané Sétan ora bener lan kanggo ngandhani wong-wong nèk sedhéla manèh Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing marakké manungsa susah lan nggawé manungsa bahagia saklawasé. (Why. 21:​3, 4) Penjelasan kaya ngono isa marakké wong dadi ngerti ngapa kok wong apik ya isa waé menderita.

15. Piyé carané njelaské soal penderitaan nggunakké buku Ayub? (Deloken gambar.)

15 Nah, cara liyané njelaskéné kuwi isa nggunakké buku Ayub. Njenengan isa muji sik lan ngomong nèk kuwi pertanyaan sing penting. Terus isa nyebutké nèk Nabi Ayub, wong sing setya, ya tau mikir kaya ngono wektu menderita. Ayub bahkan ngira sing marakké dhèwèké menderita kuwi Gusti Allah. (Ayb. 7:​17-21) Mungkin bar kuwi wongé dadi kagèt merga ngerti nèk pertanyaan kuwi wis ana kèt mbiyèn. Terus, njenengan isa njelaské nèk menurut buku Ayub, sing marakké Ayub menderita kuwi Sétan, dudu Gusti Allah. Sétan ngomong nèk manungsa gelem nglayani Yéhuwah mung merga diberkahi. Tapi nèk menderita, mesthi ora bakal nglayani manèh. Terus, mungkin njenengan isa njelaské nèk Gusti Allah mung ngejarké manungsa menderita. Kuwi bukti nèk Gusti Allah yakin bakal ana manungsa sing tulus nglayani Dhèwèké, dudu mung merga diberkahi. Kuwi mengko ya isa dadi bukti nèk tudhuhané Sétan ora bener. Terus, njenengan ya isa njelaské nèk selama menderita kuwi, Ayub terus setya lan akhiré diberkahi Gusti Allah. Dadi, penderitaan kuwi dudu saka Yéhuwah.

Gambar: 1. Ing antarané reruntuhan bar kobongan, wong wédok nyekeli pigura foto karo nangis. 2. Bar kuwi, wong wédok mau marani Seksi-Seksi Yéhuwah sing lagi jaga gerai ing cedhak téndha bantuan kemanusiaan. Sedulur wédok sing jaga gerai macakké ayat.

Piyé nggunakké buku Ayub kanggo ngyakinké wong nèk sing nyebabké manungsa susah kuwi dudu Gusti Allah? (Deloken paragraf 15)


16. Critakna pengalamané wong sing wis ngrasakké manfaaté buku Ayub.

16 Gatèkna pengalamané Mario. Wektu kuwi taun 2021, ana sedulur wédok sing ngekèki kesaksian liwat télpon. Nah, wong pertama sing ditélpon sedulur kuwi jenengé Mario. Sedulur wédok kuwi macakké ayat sing isiné nèk Gusti Allah ora mung ngrungokké donga tapi ya janji bakal ngekèki masa depan lan harapan. Terus, dhèwèké takon pendapaté Mario. Jebulé, Mario arep bunuh diri lan lagi nulis surat kanggo keluargané. Mario ngomong, ”Aku percaya karo Gusti Allah, tapi ésuk iki mau aku ngrasa nèk Dhèwèké wis ora perduli karo aku.” Nah, pas nélpon manèh, sedulur wédok kuwi mbahas soal penderitaané Ayub. Mario dadi ngrasa nèk kudu maca kabèh isiné buku Ayub. Terus, sedulur wédok mau ngirimi link Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar. Akhiré, Mario mulai belajar Alkitab. Dhèwèké seneng banget isa belajar luwih akèh soal Gusti Allah sing sayang lan nggatèkké dhèwèké.

17. Ngapa kok bersyukur banget kisahé Ayub ditulis ing Alkitab? (Ayub 34:12)

17 Alkitab terbukti bener-bener nduwé kuwasa, terutama kanggo menghibur wong sing lagi menderita. (Ibr. 4:12) Bersyukur banget kisahé Ayub ditulis ing Alkitab. (Ayb. 19:​23, 24) Saka buku Ayub, awaké dhéwé yakin nèk ”Gusti Allah mesthi ora bakal tumindak jahat”. (Wacanen Ayub 34:12.) Awaké dhéwé ya dadi ngerti ngapa kok Gusti Allah kétoké meneng waé wektu umaté susah lan piyé bèn isa terus setya meskipun menderita. Terus, merga ngerti kuwi, ya dadi isa menghibur wong liya sing lagi menderita. Nah, ing artikel berikuté bakal dibahas piyé buku Ayub isa bermanfaat wektu kudu ngekèki naséhat.

APA JAWABANÉ?

  • Apa manfaaté merga ngerti alesané Ayub dijarké menderita?

  • Kok isa dadi terus setya nèk ngrenungké kisahé Ayub?

  • Piyé buku Ayub isa digunakké kanggo menghibur wong liya?

LAGU 156 Aku Percaya

a Ayub kétoké urip ing jaman sakwisé Yusuf mati (1657 SM). Kétoké, percakapan antara Yéhuwah karo Sétan lan masalah-masalah sing diadhepi Ayub kelakoné sakdurungé Musa dilantik Yéhuwah kanggo mbébaské bangsa Israèl saka Mesir (kira-kira 1514 SM).

b Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim