PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w26 Januari hlm. 26-31
  • Nyampèkké Ajaran sing Bener Nganggo Cara sing Bener

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nyampèkké Ajaran sing Bener Nganggo Cara sing Bener
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SUMBERÉ AJARAN SING BENER
  • ALESAN UTAWA TUJUANÉ NYAMPÈKKÉ
  • CARANÉ NYAMPÈKKÉ
  • WEKTU SING PAS KANGGO NYAMPÈKKÉ
  • Apa Njenengan Isa Nitèni Bédané sing Bener karo sing Salah?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Jawaben Pertanyaan-Pertanyaan Iki
    Daftar Acara Pertemuan Wilayah 2025-2026 karo Pinituwa Wilayah
  • Rendah Hati Ngakoni Nèk Ana Hal-Hal sing Awaké Dhéwé Ora Ngerti
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
  • Nggawé Keputusan sing Mbuktèkké Nèk Ngendelké Yéhuwah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2023
Delok Kabèh
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2026
w26 Januari hlm. 26-31

30 MARET–5 APRIL 2026

LAGU 76 Kepiyé Rasané?

Nyampèkké Ajaran sing Bener Nganggo Cara sing Bener

”Yéhuwah [kuwi] Gusti Allah sing bener.”—MZM. 31:5.

INTI

Carané nyampèkké apa sing bener bèn kuwi isa bermanfaat kanggo sing ngrungokké.

1. Bèn isa dadi umaté Yéhuwah, syaraté kudu piyé?

TOPIK sing dibahas wektu pertama kali ketemu karo sedulur seiman kuwi biasané soal piyé isa ngerti ajaran sing bener. Awaké dhéwé seneng mbahas kuwi soalé ajaran sing bener kuwi sesuatu sing penting banget lan selalu ditrapké. Lha ngapa kok awaké dhéwé gelem ngetrapké? Soalé, bèn isa dadi umaté Yéhuwah, syaraté mémang kudu bener-bener percaya karo ajaran sing bener lan ngetrapké kuwi ing urip. Kuwi termasuk omongané kudu selalu jujur lan tumindaké selalu bener.—Mzm. 15:​1-3.

2. (a) Wong-wong ngerti nèk Yésus kuwi wong sing kaya apa? (b) Piyé tanggepané wong-wong karo berita sing disampèkké Yésus?

2 Yésus selalu ngomongké sing bener. Bahkan, mungsuh-mungsuhé ya ngakoni nèk Yésus bakal tetep ngomongké sing sak beneré meskipun akhiré dimungsuhi. (Mat. 22:16) Soal tanggepané wong-wong karo ajaran sing dhèwèké sampèkké, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Tekaku iki nggawé wong mungsuhan. Anak lanang nglawan bapaké, anak wédok nglawan ibuné, lan mantu wédok nglawan ibu maratuwané.” (Mat. 10:35) Sakjané, Yésus ya ora péngin berita sing dhèwèké lan murid-muridé sampèkké kuwi ditanggepi ora apik, tapi Yésus ngerti nèk kuwi sing bakalé kelakon. (Mat. 23:37) Yésus ngerti nèk beritané isa marakké wong dadi seneng banget utawa sengit banget.—2 Tés. 2:​9-11.

3. Apa sing bakal dibahas ing artikel iki?

3 Kaya Yésus, awaké dhéwé berupaya selalu jujur meskipun marakké wong dadi ora seneng. Awaké dhéwé ya péngin terus nyritakké lan mulangké ajaran sing bener meskipun dimungsuhi. Tapi meskipun ngono, ya kudu tetep mikirké carané nyampèkké lan kapan nyampèkkéné. Ing artikel iki bakal dibahas ajaran sing bener kuwi sumberé saka sapa? Bar kuwi, bakal dibahas apa alesan, piyé carané, lan kapan wektu sing pas kanggo nyampèkké ajaran sing bener? Nèk mempelajari kuwi, mengko dadi isa nyampèkké ajaran sing bener nganggo cara sing bener.

SUMBERÉ AJARAN SING BENER

4. Ngapa kok Yéhuwah isa disebut sumberé apa sing bener?

4 Yéhuwah kuwi sumberé apa sing bener. Kabèh sing diomongké Yéhuwah kuwi selalu bener. Misalé, pathokané Yéhuwah kuwi mesthi bener. (Mzm. 19:9; 119:​142, 151) Sing Dhèwèké omongké soal masa depan mesthi dadi kenyataan. (Yés. 55:​10, 11) Dhèwèké ya selalu nepati janji. (Wi. 23:19) Malah, Yéhuwah ora mungkin isa ngapusi. (Ibr. 6:18) Kuwi sebabé, Yéhuwah disebut ”Gusti Allah sing bener”.—Mzm. 31:5.

5. Ngapa kok kanggo kenal Yéhuwah ”Gusti Allah sing bener” kuwi ora angèl? Jelasna. (Kisah 17:27)

5 Akèh wong ngomong nèk Yéhuwah ”Gusti Allah sing bener” kuwi ora ana. Bahkan nèk ana, manungsa ora isa kenal karo Dhèwèké. Tapi kuwi ora bener. Ana akèh bukti sing nduduhké nèk Gusti Allah kuwi ana. (Rm. 1:20) Wektu ngomong karo para ahli filsafat Yunani ing Athéna, Rasul Paulus ngomong nèk Gusti Allah péngin awaké dhéwé ”nemokké [Dhèwèké]” lan Dhèwèké ”sakjané cedhak karo awaké dhéwé”. (Wacanen Kisah 17:27.) Malah, Yéhuwah narik wong rendah hati sing péngin ngerti ajaran sing bener.—Yoh. 6:44.

6. (a) Ajaran sing bener ing Alkitab kuwi misalé apa waé? (b) Ngapa kok njenengan bersyukur isa ngerti ajaran-ajaran kuwi?

6 Salah siji cara bèn isa kenal Yéhuwah kuwi nèk mempelajari Alkitab. Para penulis Alkitab dituntun roh suci. (2 Ptr. 1:​20, 21) Dadi, kabèh isiné Alkitab bener lan isa dipercaya. Misalé, ajaran nèk langit, bumi, lan makhluk hidup kuwi diciptakké Gusti Allah. (PD. 1:​1, 26) Terus, ajaran nèk dosa kuwi sing marakké manungsa dadi susah lan mati. (Rm. 5:12; 6:23) Terus, ajaran nèk Yéhuwah liwat Anaké bakal nyingkirké kabèh kesusahan sing disebabké Sétan ”bapaké wong-wong sing seneng ngapusi”. (Yoh. 8:44; Rm. 16:20) Sakliyané kuwi, ya ana janji nèk Yésus bakal nyingkirké wong jahat, nguripké manèh wong mati, nggawé bumi dadi firdaus, lan mbantu manungsa dadi sempurna. (Yoh. 11:​25, 26; 1 Yoh. 3:8) Yéhuwah wis ngandhani kabèh ajaran sing bener kuwi lan Dhèwèké ngekèki awaké dhéwé kesempatan kanggo ngandhani wong-wong liya soal kuwi. Kuwi kabèh kehormatan sing luar biasa.—Mat. 28:​19, 20.

ALESAN UTAWA TUJUANÉ NYAMPÈKKÉ

7-8. Wektu ngomongké sing bener, ngapa kok ya kudu mikirké alesan utawa tujuané ngomongké kuwi? Kèkana conto. (Markus 3:​11, 12) (Deloken gambar.)

7 Kaya sing disebutké sakdurungé, bèn isa dadi umaté Yéhuwah, omongané kudu selalu jujur. Tapi bèn isa nggawé Yéhuwah seneng, ya kudu mikirké alesan utawa tujuané ngomong kuwi kanggo apa. Gatèkna peristiwa pas Yésus nginjil ing cedhak Laut Galiléa. (Wacanen Markus 3:​11, 12.) Wektu kuwi, ana wong-wong sing kesurupan roh jahat. Meréka sujud ing ngarepé Yésus karo bengok-bengok. Roh-roh jahat kuwi mbengok, ”Kowé Anaké Gusti Allah”. Ya mémang sing diomongké roh-roh jahat kuwi bener. Tapi, apa tujuané meréka? Tujuané kanggo keuntungané meréka dhéwé. Mungkin, meréka péngin wong-wong sing ngrungokké dadi percaya karo meréka, ora percaya manèh karo Yéhuwah, terus suwé-suwé mandheg nglayani Yéhuwah. Yésus ngerti tujuané meréka lan Yésus ora seneng. Makané Yésus nglarang roh-roh jahat kuwi crita soal dhèwèké.

8 Apa pelajarané? Meskipun sing disampèkké mémang bener, isa waé alesan utawa tujuané nyampèkké kuwi ora bener. Makané kudu dipastèkké. Nah, wektu nyampèkké ajaran sing bener, alesané kuduné merga sayang karo Yéhuwah. Terus nèk ana sing muji, awaké dhéwé berupaya bèn sing dimulyakké kuwi Yéhuwah, dudu diri sendiri.—Mat. 5:16; bandhingna Kisah 14:​12-15.

Gambar: Sedulur wédok mandhu pelajaran Alkitab karo mbak-mbak. Loro gambar nduduhké bédané carané dhèwèké mulang. 1. Dhèwèké nyritakké soal diri sendiri. Alkitabé tertutup. 2. Dhèwèké mbukak Alkitabé lan macakké ayat Alkitab.

Wektu njenengan nyampèkké ajaran sing bener, wong-wong kuduné dadi terkesané karo sapa? (Deloken paragraf 7-8)


9. Awaké dhéwé aja nganti melakukan apa, lan apa alesané?

9 Nah, apa conto situasi sing isa marakké kegodha kanggo nggawé wong liya terkesan? Misalé, awaké dhéwé éntuk informasi penting saka sedulur sing nduwé tanggung jawab ing jemaat. Tapi, informasi kuwi isih rahasia. Terus, informasi kuwi awaké dhéwé critakké ing wong liya. Lha nèk bar kuwi informasiné terbukti bener, wong sing dicritani mesthi bakal mikir nèk awaké dhéwé wong penting sing ngerti hal-hal rahasia. Meskipun wong liya terkesan, tapi Yéhuwah ora seneng. (WB. 11:13) Soalé, meskipun informasiné bener, awaké dhéwé ora nduwé hak nyritakké kuwi. Terus, tujuané nyritakké kuwi ya ora bener.

CARANÉ NYAMPÈKKÉ

10. Apa maksudé ’omongané kudu nyenengké’? (Kolose 4:6)

10 Wacanen Kolose 4:6. Rasul Paulus ngandhani wong Kristen ing Kolose, ”Omonganmu kudu nyenengké”. Nèk menurut basa asliné, kuwi maksudé ora mung isi omongané sing kudu bermanfaat, tapi carané nyampèkké ya kudu sing alus, apikan, lan pénak dirungokké.

11-12. Ngapa kok wektu mulangké ajaran sing bener, carané nyampèkké kudu ”nyenengké”? Kèkana conto. (Deloken gambar.)

11 Piyé ngetrapké naséhaté Rasul Paulus? Wektu mulangké ajaran sing bener, carané nyampèkké kudu ”nyenengké”. Lha ngapa? Élinga, nèk ajaran sing bener ing Alkitab kuwi dipadhakké kaya pedhang sing landhep banget, sing isa nujeb jero banget lan isa nyingkapké pikiran lan niat ati. (Ibr. 4:12) Tapi nèk carané nggunakké Alkitab ora trampil, mengko malah isa marakké wong dadi tersinggung lan dadi debat. Contoné piyé?

12 Misalé ngéné: Pas lagi nginjil, awaké dhéwé mungkin ketemu karo wong lanang sing seneng nggunakké patung wektu ngibadah. Dhèwèké karo keluargané ya seneng ngrayakké Natal utawa Paskah. Mungkin isa waé pas pertemuan pertama kali kuwi awaké dhéwé langsung mbukakké ayat-ayat ing Alkitab lan njelaské nèk ora ana gunané nyembah patung, lan nèk hari raya Natal utawa Paskah kuwi asal usulé saka kafir. (Yés. 44:​14-20; 2 Kor. 6:​14-17) Ya mémang sing disampèkké kuwi bener, tapi kuwi dudu cara sing bener nggunakké Alkitab.

Gambar: Suami istri lagi nginjil ing omahé wong lanang sing lagi menghias pohon Natal karo keluargané. Loro gambar nduduhké bédané carané suami istri kuwi nyampèkké kabar apik. 1. Suami istri kuwi nduduhi artikel ing jw.org sing judhulé ”Apa yang Alkitab Katakan tentang Natal?” Wong lanang kuwi ngrungokké karo tangané sedhakep lan wajahé tegang. 2. Suami istri kuwi nduduhi artikel ing jw.org sing judhulé ”Piyé Carané Dadi Bapak sing Apik?” Wong lanang kuwi ngrungokké lan senyum.

Piyé carané mulangké ajaran sing bener nganggo cara sing bener? (Deloken paragraf 11-12)a


13. Apa maksudé omongané awaké dhéwé kudu ”dibumboni nganggo uyah”?

13 Paulus mau ya nyebutké nèk omongané awaké dhéwé kudu ”dibumboni nganggo uyah”. Panganan sing dibumboni nganggo uyah kuwi rasa asliné isih tetep ana, mung dadi luwih énak merga wis dibumboni. Padha kaya ngono, ajaran sing bener ya kudu tetep disampèkké tanpa ana sing ditutup-tutupi, tapi tetep ”énak” kanggo wong sing ngrungokké. (Ayb. 12:11) Mémang, kanggo melakukan kuwi ora gampang. Isa waé panganan sing menurut awaké dhéwé énak banget, kanggoné wong liya durung mesthi énak. Nah, padha kaya ngono, mungkin awaké dhéwé mikir carané awaké dhéwé nyampèkké sesuatu kayané wis ”nyenengké”, tapi wong liya durung mesthi nganggep ngono. Misalé, ana wong-wong saka budaya tertentu sing senengé terus terang, blak-blakan, bahkan wektu omongan karo wong sing luwih tuwa. Tapi, mungkin wong saka budaya liya nganggep kuwi ora sopan. Paulus ngomong nèk awaké dhéwé kudu ”ngerti carané mènèhi jawaban marang saben wong”. Makané sakdurungé omongan, pikirna piyé bèn omongané awaké dhéwé isa pénak dirungokké wong sing ngrungokké, dudu pénak menurut awaké dhéwé.

WEKTU SING PAS KANGGO NYAMPÈKKÉ

14. Pas ing bumi, apa Yésus langsung ngajari kabèh hal sekaligus ing murid-muridé? Jelasna.

14 Omongané Yésus selalu nyenengké. Dhèwèké ya ora pelit wektu ngajari. (Mrk. 6:34) Tapi, apa kuwi berarti Yésus langsung ngajari kabèh hal sekaligus ing murid-muridé? Ora. Yésus mikirké keterbatasané para muridé. Ana beberapa ajaran sing sakjané meréka kudu ngerti, tapi menurut Yésus kuwi durung wektu sing pas kanggo nyampèkké. Dadi, Yésus mung nyampèkké apa sing sanggup meréka pahami wektu kuwi. (Yoh. 16:12) Apa pelajarané?

15. Apa ngajari Alkitab kuwi berarti langsung nyampèkké kabèh hal sing dingertèni sekaligus? Jelasna. (Wulang Bebasan 25:11) (Deloken gambar.)

15 Meskipun wis ngerti akèh ajaran sing bener ing Alkitab, kuwi ora berarti kabèh langsung disampèkké sekaligus. Kaya Yésus, kudu mikirké kesanggupané sing sinau Alkitab. Misalé, pikirna manèh wong lanang ing paragraf 12 mau. Saben Natal utawa Paskah dhèwèké selalu ngrayakké karo keluargané. Nah, coba bayangna nèk seminggu utawa rong minggu sakdurungé Natal, wong lanang kuwi mulai belajar Alkitab karo njenengan. Mémang, awaké dhéwé ngerti nèk perayaan-perayaan kuwi asalé saka kafir lan marakké Yéhuwah ora seneng. Tapi, nèk langsung nduduhi ayat-ayat ing Alkitab soal perayaan kafir, lan langsung ngongkon dhèwèké bèn ora ngrayakké Natal manèh, apa dhèwèké bakal seneng lan langsung nampa? Ya mungkin ana beberapa sing sinau Alkitab isa langsung nampa. Tapi, mungkin sing liyané butuh wektu kanggo nggawé penyesuaian. Dadi, nèk ngandhaniné ajaran sing bener kuwi wektu sing sinau Alkitab wis sanggup memahami, meréka bakal luwih gampang kanggo ngetrapké.—Wacanen Wulang Bebasan 25:11.

Suami istri ing gambar sakdurungé mbahas brosur ”Bahagia Saklawasé” karo wong lanang mau ing omahé. Ing cedhaké meréka ana pohon Natal.

Tirunen Yésus sing nyampèkké ajaran sing bener ing wektu sing pas (Deloken paragraf 15)


16. Piyé carané njenengan mbantu sing sinau Alkitab bèn isa ”terus manut karo apa sing bener”?

16 Sakliyané seneng merga isa mbantu wong ngerti ajaran sing bener, ya kudu mbantu meréka isa ”terus manut karo apa sing bener”. (3 Yoh. 3, 4) Mulané, dadia teladan. Duduhna saben dina nèk njenengan percaya karo ajaran sing bener ing Alkitab. Pastèkna nèk nduwé tujuan lan alesan sing bener wektu nyampèkké apa sing bener. Carané nyampèkké ya kudu sing alus lan apikan, lan nyampèkkéné ing wektu sing pas. Wektu dipuji, ngupayaa bèn sing dimulyakké kuwi Yéhuwah. Hasilé, njenengan isa mbuktèkké nèk njenengan kuwi umaté Yéhuwah, Gusti Allah sing bener.

APA SING ISA NJENENGAN PELAJARI SAKA . . .

  • Kisah 17:27?

  • Kolose 4:6?

  • Wulang Bebasan 25:11?

LAGU 160 ”Kabar Apik”

a PENJELASAN GAMBAR: Ing gambar pertama, sedulur lanang ndelok pohon Natal, terus nduduhi sing nduwé omah artikel soal asal-usulé Natal. Ing gambar keloro, sedulur kuwi nduduhké artikel sing isiné saran-saran soal piyé bèn isa dadi bapak sing apik. Menurut njenengan, endi cara sing luwih gampang ditampa?

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim