Acara Pernikahané Seksi Yéhuwah Kuwi Kaya Apa?
Acara pernikahané Seksi Yéhuwah biasané sederhana, tapi sing penting isa ngluhurké Gusti Allah. Ing acara kuwi ana ceramah singkat sing dhasaré Alkitab. Terus bar kuwi, mungkin ana acara mangan-mangan utawa resèpsi.a Ndhisik ing awal pelayanané, Yésus ya tau teka ing acara pernikahan ing kutha Kana.—Yohanes 2:1-11.
Acarané apa waé?
Ana ceramah sekitar 30 menit sing disampèkké karo Seksi Yéhuwah, lan sing nyampèkké kuwi wong lanang. Iki dadi bagian sing paling penting ing acara kuwi. Ing ceramah kuwi bakal dibahas saran-saran sing dhasaré Alkitab bèn sing nikah isa saling menyayangi lan bahagia nganti sakterusé.—Éfésus 5:33.
Nèk peraturan ing negara kuwi ngéntukké ana Seksi Yéhuwah sing ngesahké pernikahan, sing nikah bakal ngucapké janji pernikahan ing akhir ceramah. Bar kuwi, meréka ya isa tukar cincin. Terus, sing ceramah bakal ngumumké nèk meréka wis dadi suami istri.
Ing beberapa negara, pernikahan kudu disahké ing kantor pemerintahan. Nèk ngono, ceramahé bakal disampèkké ora suwé bar kuwi. Nèk ing kantor pemerintahan meréka durung ngucapké janji pernikahan, meréka isa ngucapké kuwi ing akhir ceramah. Tapi nèk wis ngucapké, meréka éntuk mbalèni kuwi ing akhir ceramah. Kata-katané kudu disesuaikké bèn sing teka ngerti nèk meréka wis ngucapké kuwi sakdurungé. Terus, acarané bakal ditutup donga bèn sing nikah diberkahi Gusti Allah.
Acarané ing endi?
Nèk ing dhaérah kuwi ana Balai Ibadahé Seksi Yéhuwah, acarané isa ing kono.b Tapi nèk bar kuwi sing nikah péngin ana resèpsi, meréka bakal nggunakké panggonan liya.
Sapa sing éntuk teka?
Nèk acarané ing Balai Ibadahé Seksi Yéhuwah, sing dudu Seksi Yéhuwah ya éntuk teka. Tapi nèk resèpsi, sing nikah bakal nentokké sapa sing bakal diundang.
Pakaiané piyé?
Wong sing teka ing Balai Ibadahé Seksi Yéhuwah isa mutuské dhéwé mèh nganggo pakaian apa. Tapi sesuai naséhaté Alkitab sing dicathet ing 1 Timotius 2:9, Seksi Yéhuwah bakal nganggo pakaian sing rapi lan sopan, termasuk ing acara resèpsi. Meréka ya seneng nèk tamu-tamu liyané kaya ngono.
Apa éntuk ngekèki hadiah?
Éntuk. Menurut Alkitab, Gusti Allah seneng karo wong sing murah hati. (Mazmur 37:21) Dadi nèk ana Seksi Yéhuwah sing nikah, kami seneng ngekèki meréka hadiah, lan meréka ya ora bakal keberatan nampa kuwi. (Lukas 6:38) Tapi meréka ora bakal njaluk hadiah utawa ngumumké jenengé wong sing ngekèki hadiah, soalé kuwi ora sesuai karo ajarané Alkitab. (Matius 6:3, 4; 2 Korintus 9:7; 1 Pétrus 3:8) Terus, kuwi ya isa marakké sing teka dadi ora nyaman.
Apa ana acara bersulang?
Ing Alkitab ora ana larangan soal bersulang. Tapi sing nikah mungkin milih ora ana acara bersulang, merga ora péngin nggawé wong liya tersinggung utawa salah paham.—Roma 14:21.
Apa Seksi Yéhuwah mèlu-mèlu kebiasaan utawa tradhisi sing umum ing dhaérahé?
Mémang ana kebiasaan utawa tradhisi ing acara pernikahan sing dianggep isa nggawa berkah kanggo sing nikah. Tapi, Seksi Yéhuwah ora mèlu-mèlu kebiasaan sing ana hubungané karo takhayul lan ora sesuai karo Alkitab.—Yésaya 65:11.
Apa bakal disedhiakké panganan lan ngombé?
Ing Balai Ibadah, ora disedhiakké panganan utawa ngombé. Tapi kuwi isa waé disedhiakké pas acara resèpsi. (Pengkhotbah 9:7) Nèk ing acara resèpsiné ana minuman beralkohol, sing nikah bakal mastèkké jumlahé ora kakèhan. Terus sing ngombé ya kudu sing wis cukup umur.—Lukas 21:34; Roma 13:1, 13.
Apa bakal ana musik utawa tari-tarian?
Ing acara resèpsi, sing nikah éntuk mutuské mèh ana musik lan tari-tarian apa ora. (Pengkhotbah 3:4) Meréka isa milih musik sing sesuai karo selérané utawa sing umum ing dhaérahé. Sing penting, kuwi ora marakké sing teka dadi ora nyaman. Nèk ing Balai Ibadah, bakal nyetèl musik sing biasa dienggo Seksi Yéhuwah ngibadah utawa sing ana ing jw.org.
Apa Seksi Yéhuwah ngrayakké ulang tahun pernikahan?
Ing Alkitab ora nyebutké apa-apa soal ulang tahun pernikahan. Dadi, saben Seksi Yéhuwah bakal mutuské dhéwé mèh ngrayakké kuwi apa ora. Meréka ya isa milih mèh ngrayakké kuwi wong loro thok utawa ngejak kanca lan keluargané.
a Acara pernikahan ing saben dhaérah isa béda-béda bergantung karo kebiasaan lan aturan pemerintah ing kono.
b Nèk nganggo Balai Ibadahé Seksi Yéhuwah kanggo acara pernikahan, kuwi ora perlu mbayar. Terus sing ceramah ing acara kuwi ya ora perlu dibayar.