PITAKONANÉ CAH ENOM
Sapa sing Isa Tak Tiru?
”Wektu ngadhepi masalah ing sekolah, biasané aku mikirké wong-wong sing tau ngadhepi masalah sing padha. Terus, aku berupaya niru contoné. Nèk ana sing isa tak tiru, aku isa luwih gampang ngatasi masalahku.”—Haley.
Nèk niru conto sing apik, kowé isa terhindar saka akèh masalah lan tujuanmu isa luwih gampang tercapai.
Ngapa kok aja asal-asalan milih wong sing péngin mbok tiru?
Sapa sing mbok tiru isa mempengaruhi sikapmu.
Ing Alkitab ana naséhat nèk wong-wong Kristen kudu niru conto sing apik. Isi naséhaté, ”Kowé kudu nggatèkké tumindaké sing apik lan niru imané.”—Ibrani 13:7.
Saran: Sapa sing mbok tiru isa mempengaruhi kowé nduwé sikap sing apik utawa èlèk. Dadi, tirunen wong-wong sing nduwé sifat-sifat sing apik, dudu merga meréka terkenal utawa sak umuran karo kowé.
”Aku sinau akèh saka sedulur seiman sing jenengé Adam. Sikap lan tingkah lakuné apik. Bahkan aku isih éling karo sifat-sifat apik sing dhèwèké omongké lan lakukan. Dhèwèké ora ngerti nèk sakjané kuwi bermanfaat banget kanggo aku.”—Colin.
Sapa sing mbok tiru isa mempengaruhi apa sing mbok pikirké lan rasakké.
Ing Alkitab disebutké, ”Aja gelem diapusi wong liya. Bergaul karo wong sing ora apik bakal ngrusak kebiasaan sing apik.”—1 Korintus 15:33.
Saran: Tirunen wong-wong sing nduwé sifat sing apik, dudu mung merga penampilané menarik. Nèk mung ndelok penampilané kowé bakal kecéwa.
”Nèk terus-terusan mbandhingké karo wong sing penampilané menarik, kowé isa dadi ngrasa ora menarik. Kowé ya isa dadi terus-terusan mikirké penampilanmu.”—Tamara.
Pikirna: Apa bahayané nèk kowé niru artis utawa atlét?
Sapa sing mbok tiru isa mempengaruhi tujuanmu bakal tercapai utawa ora.
Ing Alkitab disebutké: ”Wong sing bergaul karo wong sing wicaksana bakal dadi wicaksana.”—Wulang Bebasan 13:20.
Saran: Tirunen wong-wong sing nduwé sifat sing apik sing péngin mbok tiru. Pas nggatèkké wong kuwi kowé bakal ngerti carané bèn tujuanmu isa tercapai.
”Daripada nggawé tujuan sing ora jelas kaya ’Aku péngin luwih bertanggung jawab’, luwih apik nduwé tujuan sing jelas kaya ’Aku péngin luwih bertanggung jawab kaya Jane. Dhèwèké kuwi tepat waktu lan serius wektu nggarap tugasé.’”—Miriam.
Intiné: Nèk kowé péngin dadi wong sing apik, tirunen conto sing apik.
Tujuanmu isa gampang tercapai nèk niru conto sing apik
Piyé carané milih?
Carané ana loro.
Pikirna sifat apa sing péngin mbok upayakké lan sapa sing nduwé sifat kuwi.
Saka wong sing mbok kagumi, pikirna sifat apik apa sing péngin mbok tiru.
Kowé isa nggunakké lembar kegiatan sing ana ing artikel iki.
Sapa waé sing isa mbok tiru?
Kanca. ”Aku péngin kaya sahabatku. Dhèwèké selalu perduli karo wong liya. Mémang dhèwèké luwih enom timbang aku, tapi dhèwèké nduwé sifat-sifat sing apik lan aku péngin niru dhèwèké.”—Miriam.
Wong sing luwih déwasa. Misalé, wong tuwamu utawa sedulur seiman. ”Wong tuwaku kuwi conto sing apik kanggo aku. Mereka nduwé sifat-sifat sing apik. Meskipun mereka tau nggawé salah, tapi mereka tetep setya karo Gusti Allah. Pas aku sak umuran mereka, aku péngin wong-wong nganggep aku kaya mereka.”—Annette.
Tokoh-tokoh Alkitab. ”Ana beberapa tokoh Alkitab sing péngin tak tiru. Misalé, Timotius, Rut, Ayub, Pétrus, lan cah wédok Israèl. Soalé, meréka nduwé sifat apik sing béda-béda. Semakin akèh sing tak pelajari, aku dadi tambah ngerti soal meréka. Aku seneng sinau nganggo buku Tirunen Imané lan ’Indeks Anutan’ sing ana ing buku Pertanyaan Kaum Muda—Jawaban yang Praktis Jilid 1 lan 2.”—Melinda.
Saran: Aja mung niru wong siji thok. Rasul Paulus ngomong karo wong Kristen, ”Kowé kudu niru aku lan nggatèkké wong-wong sing uripé manut karo conto sing wis tak wènèhké marang kowé.”—Filipi 3:17.
Apa kowé ngerti? Kowé ya isa dadi conto kanggo wong liya. Ing Alkitab disebutké, ”Kowé kudu dadi conto kanggo wong-wong sing setya liwat omonganmu, tumindakmu, katresnanmu, imanmu, lan tumindakmu sing resik.”—1 Timotius 4:12.
”Meskipun kowé lagi ngupayakké sifat-sifat sing apik, tapi kowé tetep isa dadi conto kanggo wong liya. Isa waé wong liya nggatèkké kowé lan niru contomu.”—Kiana.