Cathetan Ngisor
a Akèh-akèhé wong Israèl sing ndelok mukjijaté Yéhuwah ing Laut Merah ora mlebu Tanah Perjanjian. (Wi. 14:22, 23) Yéhuwah wis ngomong nèk kabèh wong lanang sing umuré 20 taun munggah sing wis kedaftar, bakal mati ing padhang belantara. (Wi. 14:29) Tapi, cah-cah enom sing umuré durung nganti 20, terus Yosua, Kalèb, lan wong-wong Lèwi bakal nyabrang Kali Yordan lan mlebu Tanah Perjanjian.—PT. 1:24-40.