PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Dina Iki

Senèn, 6 Oktober

Aku ndonga . . . [lan] Yéhuwah wis mènèhi sing tak jaluk.—1 Sam. 1:27.

Liwat wahyu sing ditampa, Yohanes tau ndelok pinituwa 24 sujud nyembah Yéhuwah ing swarga. Wong-wong kuwi ngomong nèk Yéhuwah ”pantes nampa kemuliaan, kehormatan, lan kuwasa”. (Why. 4:​10, 11) Para malaékat sing bareng-bareng karo Yéhuwah ing swarga ya isa ngerti sifat-sifaté Yéhuwah. Merga ngerti sifat-sifaté Yéhuwah, para malaékat muji Yéhuwah. (Ayb. 38:​4-7) Awaké dhéwé ya péngin muji Yéhuwah pas ndonga. Critakna ngapa kok njenengan sayang karo Yéhuwah. Pas maca Alkitab, gatèkna sifat-sifaté Yéhuwah sing berkesan kanggoné njenengan. (Ayb. 37:23; Rm. 11:33) Terus pas ndonga, critakna piyé perasaané njenengan soal sifat-sifaté Yéhuwah. Njenengan ya isa muji Yéhuwah merga wis mbantu njenengan lan sedulur-sedulur sak donya.—1 Sam. 2:​1, 2. w23.05 3-4 ¶6-7

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Selasa, 7 Oktober

[Tumindak] apik kaya sing kuduné ditindakké karo wong sing ngabdi marang Yéhuwah.—Kol. 1:10.

Taun 1919, umaté Yéhuwah isa bébas saka Babilon Gedhé. Wektu kuwi ”budhak sing setya lan wicaksana” mulai mbantu wong-wong bèn isa mlaku ing ”Dalan Suci”. (Mat. 24:​45-47; Yés. 35:8) Merga ana sing nyiapké dalan kuwi, wong-wong sing mlaku ing ”Dalan Suci” isa kenal Yéhuwah lan ngerti tujuané. (WB. 4:18) Suwé-suwé wong-wong kuwi ya isa luwih nyenengké Yéhuwah. Yéhuwah ora nuntut umaté langsung berubah. Tapi alon-alon Yéhuwah mbantu umaté. Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga sukmbèn isa bener-bener nyenengké Yéhuwah. Dalan sing apik kudu terus dirawat. Kèt 1919, ”Dalan Suci” terus digawé tambah apik bèn luwih akèh wong isa metu saka Babilon Gedhé. w23.05 17 ¶15, 16

Nliti Alkitab Saben Dina—2025

Rebo, 8 Oktober

Aku . . . ora bakal ninggalké kowé.—Ibr. 13:5.

Anggota Pengurus Pusat sing nglayani ing panitia sing béda-béda ya nglatih asistèné. Para asistèn kuwi saiki nduwé akèh tanggung jawab ing organisasi. Meréka wis siap nglanjutké tugasé Pengurus Pusat kanggo ngopèni domba-dombané Yésus. Ing akhir sengsara gedhé, pas wong pilihan sing terakhir munggah swarga, ibadah murni bakal tetep ana. Umaté Yéhuwah bakal terus setya nglayani Dhèwèké merga dipimpin karo Yésus. Wektu kuwi, umaté Yéhuwah bakal diserang Gog saka Magog, yaiku gabungan bangsa-bangsa. (Yèh. 38:​18-20) Tapi, serangané singkat lan ora bakal berhasil. Umaté Yéhuwah bakal terus setya nglayani Yéhuwah. Ing wahyu sing didelok Rasul Yohanes, ana ”kumpulan gedhé” domba-domba liya sing ”slamet ngliwati sengsara gedhé”. (Why. 7:​9, 14) Kuwi jaminan nèk Yéhuwah mesthi bakal nylametké meréka. w24.02 5-6 ¶13-14

Nliti Alkitab Saben Dina—2025
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim