Rebo, 8 Oktober
Aku . . . ora bakal ninggalké kowé.—Ibr. 13:5.
Anggota Pengurus Pusat sing nglayani ing panitia sing béda-béda ya nglatih asistèné. Para asistèn kuwi saiki nduwé akèh tanggung jawab ing organisasi. Meréka wis siap nglanjutké tugasé Pengurus Pusat kanggo ngopèni domba-dombané Yésus. Ing akhir sengsara gedhé, pas wong pilihan sing terakhir munggah swarga, ibadah murni bakal tetep ana. Umaté Yéhuwah bakal terus setya nglayani Dhèwèké merga dipimpin karo Yésus. Wektu kuwi, umaté Yéhuwah bakal diserang Gog saka Magog, yaiku gabungan bangsa-bangsa. (Yèh. 38:18-20) Tapi, serangané singkat lan ora bakal berhasil. Umaté Yéhuwah bakal terus setya nglayani Yéhuwah. Ing wahyu sing didelok Rasul Yohanes, ana ”kumpulan gedhé” domba-domba liya sing ”slamet ngliwati sengsara gedhé”. (Why. 7:9, 14) Kuwi jaminan nèk Yéhuwah mesthi bakal nylametké meréka. w24.02 5-6 ¶13-14
Kemis, 9 Oktober
Aja matèni geniné roh suci.—1 Tés. 5:19.
Piyé bèn isa dadi ”wong sing dituntun roh suci”? (Gal. 5:22, 23) Ndonga njaluk roh suci, sinau Alkitab, lan tetep cedhak karo organisasiné Yéhuwah. Gusti Allah mung bakal mènèhi roh suci nèk pikiran lan perbuatané awaké dhéwé bener. (1 Tés. 4:7, 8) Bèn isa terus éntuk roh suci ”aja ngrèmèhké ramalan”. (1 Tés. 5:20) Sing dimaksud ”ramalan” kuwi kabèh sing disampèkké Yéhuwah liwat roh suciné, termasuk keterangan nèk dinané Yéhuwah wis cedhak. Aja nganti mikir nèk Armagédon tekané isih sukmbèn, sakwisé awaké dhéwé mati. Nèk terus sibuk ”ngabdi marang Gusti Allah” lan mikirké soal dinané Yéhuwah, tekané dinané Yéhuwah bakal krasa luwih cepet.—2 Ptr. 3:11, 12. w23.06 12 ¶13-14
Jumat, 10 Oktober
Awalé kawicaksanan yaiku wedi marang Yéhuwah.—WB. 9:10, cathetan ngisor.
Nèk ngerti-ngerti ing perangkat èlèktronik ana gambar pornografi piyé? Aja didelok. Pikirna nèk hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah luwih berharga. Terus, meskipun gambar kuwi dudu pornografi tapi nèk marahi nafsu, ya aja didelok. Kenapa? Awaké dhéwé babar blas ora gelem mikirké sing saru-saru. (Mat. 5:28, 29) David, pinituwa saka Thailand, ngomong, ”Aku mikir, ’Meskipun gambar kuwi dudu pornografi, tapi apa Yéhuwah seneng nèk aku ndelok kuwi terus?’ Merga mikir kaya ngono aku isa nggawé keputusan sing wicaksana.” Awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing wicaksana nèk wedi nggawé Yéhuwah kecéwa. ”Awalé kawicaksanan yaiku wedi marang Yéhuwah.” w23.06 23 ¶12-13