Rebo, 5 November
Gusti Allah bakal mènèhi aku kekuwatan.—Mzm. 108:13.
Piyé bèn njenengan tambah yakin karo harapan ing masa depan? Nèk njenengan harapané urip saklawasé ing bumi, njenengan isa maca lan ngrenungké keterangan ing Alkitab soal Firdaus. (Yés. 25:8; 32:16-18) Bayangna nèk njenengan wis ing donya anyar. Nèk terus mikirké harapan ing donya anyar, masalahé awaké dhéwé dadi krasa ”ora abot lan mung sedhéla”. (2 Kor. 4:17) Yéhuwah isa ngekèki njenengan kekuwatan liwat harapan. Nèk awaké dhéwé butuh dikuwatké, ’Gusti Allah bakal mènèhi kekuwatan’. Yéhuwah wis ngekèki akèh persediaan sing isa nguwatké awaké dhéwé. Dadi, nèk pas lagi éntuk tugas sing abot, ngadhepi akèh masalah, utawa lagi ora semangat, njenengan isa ndonga karo Yéhuwah lan pelajaran pribadi. Aja nolak bantuan saka para sedulur. Terus, ya kudu kerep mikirké harapan ing masa depan. Hasilé, ’Gusti Allah bakal nggunakké kekuwatané sing mulya kanggo nguwatké njenengan. Dadi, njenengan isa terus sabar lan bahagia wektu ngadhepi apa waé.’—Kol. 1:11. w23.10 17 ¶19-20
Kemis, 6 November
Kowé kudu ngucap syukur kanggo apa waé.—1 Tés. 5:18.
Ana akèh sing isa disyukuri. Menurut Alkitab kabèh sing apik asalé saka Yéhuwah. (Yak. 1:17) Dadi, apa waé sing menurut njenengan apik isa disyukuri. Misalé, njenengan isa bersyukur wektu ndelok ciptaan sing indah. Njenengan ya isa bersyukur merga wis dikèki urip, nduwé keluarga, kanca, lan nduwé harapan. Njenengan ya isa bersyukur merga dadi kancané Yéhuwah. Mungkin awaké dhéwé kudu berupaya bèn isa ngerti apa sing isa disyukuri saka Yéhuwah. Akèh wong saiki ora seneng bersyukur. Sing dipikirké mung kepénginané thok, tapi ora bersyukur karo apa sing wis diduwèni. Nèk mulai mikir ngono, dongané awaké dhéwé isa waé isiné mung njaluk thok. Bèn ora ngono, terus pikirna kabèh berkah sing wis ditampa saka Yéhuwah lan sampèkna kuwi liwat donga.—Luk. 6:45. w23.05 4 ¶8-9
Jumat, 7 November
Kudu terus njaluk nganggo iman lan ora ragu-ragu.—Yak. 1:6.
Kaya bapak sing sayang anaké, Yéhuwah ya susah nèk ndelok awaké dhéwé susah. (Yés. 63:9) Mémang, masalah sing diumpamakké kaya kali utawa geni kuwi kudu tetep diadhepi. Tapi, Yéhuwah janji nèk Dhèwèké bakal ngancani awaké dhéwé ”ngliwati” kuwi. (Yés. 43:2) Ora soal sepira aboté masalah, Yéhuwah bakal mastèkké bèn masalah kuwi ora nganti marakké awaké dhéwé ora nglayani Yéhuwah manèh. Bèn awaké dhéwé tetep setya, Yéhuwah ya bakal ngekèki roh suciné. (Luk. 11:13; Flp. 4:13) Awaké dhéwé isa yakin nèk apa waé sing dibutuhké bèn isa tetep setya meskipun ngadhepi masalah, kuwi bakal disedhiakké karo Yéhuwah. Yéhuwah péngin awaké dhéwé percaya karo Dhèwèké. (Ibr. 11:6) Kadhang-kadhang, masalahé awaké dhéwé abot banget nganti rasané wis ora sanggup manèh. Mungkin malah dadi mikir nèk Yéhuwah ora nulungi. Tapi ing Alkitab, awaké dhéwé diyakinké nèk Yéhuwah bakal ngekèki awaké dhéwé kekuwatan bèn isa ”nglumpati témbok”. (Mzm. 18:29) Dadi, timbang ragu Yéhuwah nulungi apa ora, awaké dhéwé kuduné ndonga, percaya tenan karo Yéhuwah.—Yak. 1:6, 7. w23.11 22 ¶8-9