Selasa, 9 September
Wong wédok sing bodho kuwi cerèwèt banget. Dhèwèké ora nduwé pengetahuan.—WB. 9:13.
Wektu diundang karo ”wong wédok sing bodho”, isa milih arep ditampa apa ora. Kenapa awaké dhéwé péngin ngedohi hubungan sèks sing ora pantes? ”Wong wédok sing bodho” kuwi ngomong, ”Banyu hasil colongan kuwi legi.” (WB. 9:17) Apa kuwi ”banyu hasil colongan”? Ing Alkitab, hubungan sèks sing wajar antara suami istri sing menikah sah dipadhakké kaya banyu sing seger. (WB. 5:15-18) Nèk ”banyu hasil colongan” kuwi mungkin maksudé hubungan sèks sing ora pantes utawa perilaku sèks sing menyimpang. Kuwi biasané ndhelik-ndhelik kaya maling sing ndhelik-ndhelik wektu nyolong. ”Banyu hasil colongan” kuwi kétoké ”legi” merga sing ngombé mikir nèk ora konangan. Tapi Yéhuwah ndelok kabèh. Nggawé Yéhuwah ora seneng kuwi ora ”legi” babar blas.—1 Kor. 6:9, 10. w23.06 22 ¶7-9
Rebo, 10 September
Nèk aku nindakké kuwi merga kepeksa, aku ya tetep dipercaya kanggo nindakké tugas kuwi.—1 Kor. 9:17.
Piyé nèk semangaté njenengan saiki wis ora kaya mbiyèn manèh? Aja nganggep nèk njenengan wis ora éntuk roh suciné Yéhuwah. Merga ora sampurna, semangaté awaké dhéwé isa munggah mudhun. Nah, nèk pas ora semangat, njenengan isa niru contoné Rasul Paulus. Meskipun dhèwèké berupaya niru Yésus, kadhang Paulus ya ora semangat. Tapi meskipun kadhang-kadhang ora semangat, Paulus bertékad kanggo tetep ngrampungké tugasé. Dadi, aja nggawé keputusan mung merga nuruti perasaan. Bahkan meskipun lagi ora semangat, kudu bertékad tetep nglakoni sing bener. Nèk terus nglakoni sing bener, mengko suwé-suwé isa dadi semangat manèh.—1 Kor. 9:16. w24.03 11-12 ¶12-13
Kemis, 11 September
Buktèkna nèk kowé nresnani wong-wong kuwi.—2 Kor. 8:24.
Nèk gelem kekancan karo sedulur-sedulur, kuwi bukti awaké dhéwé nresnani. (2 Kor. 6:11-13) Sedulur-sedulur ing jemaat sifaté lan asalé ya béda-béda. Awaké dhéwé isa nresnani nèk nggatèkké sifat-sifat apiké. Nèk niru pandhangané Yéhuwah soal sedulur-sedulur, kuwi bukti nèk nresnani. Pas sengsara gedhé, katresnan kuwi penting. Pas kuwi kelakon, arep berlindung ing endi? Yéhuwah ngandhani umaté pas Babilon diserang, ”Umat-Ku, mlebua ing kamarmu, lan tutupen lawangé. Kowé kudu ndhelik sedhéla nganti Aku ora nesu manèh.” (Yés. 26:20) Isa waé mengko awaké dhéwé ngalami kuwi. w23.07 6-7 ¶14-16