Setu, 13 September
Kowé wong sing bener-bener disayangi.—Dan. 9:23.
Pas isih enom, Nabi Danièl ditawan wong Babilon lan digawa adoh saka omahé. Tapi pejabat Babilon sing ndelok ”penampilané” Danièl terkesan merga dhèwèké ’ora cacad, nggantheng’, lan saka keturunané bangsawan. (1 Sam. 16:7) Makané Danièl dilatih kanggo nglayani raja ing istana. (Dan. 1:3, 4, 6) Yéhuwah sayang karo Danièl merga Danièl gelem dadi wong sing bener. Malah mungkin pas Danièl umur 20-an, Yéhuwah nyebutké Danièl bareng karo Nuh lan Ayub sing wis bertaun-taun setya nglayani Yéhuwah. (PD. 5:32; 6:9, 10; Ayb. 42:16, 17; Yèh. 14:14) Yéhuwah terus sayang karo Danièl selama uripé.—Dan. 10:11, 19. w23.08 2 ¶1-2
Minggu, 14 September
Ngerti tenan sepira ambané, dawané, dhuwuré, lan jeroné ajaran sing bener.—Éf. 3:18.
Nèk njenengan arep tuku omah, njenengan mesthi péngin ngerti kabèh sik soal omah kuwi. Maca lan mempelajari Alkitab ya kaya ngono. Nèk macané mung sekilas, awaké dhéwé mung ngerti ajaran dhasaré thok. (Ibr. 5:12) Kaya perumpamaan omah mau, njenengan ya kudu ”mlebu” bèn ngerti njero-njeroné. Coba golèkana hubungané ayat sing siji karo ayat sing liyané. Terus ya kudu paham, ora mung ajarané apa, tapi ya ngapa kok kuwi isa dipercaya. Bèn isa ngerti maksudé kabèh ayat ing Alkitab, aja mung sinau sing gampang-gampang thok. Rasul Paulus ngekèki naséhat sedulur-sedulur wektu kuwi bèn padha rajin mempelajari Alkitab bèn ”isa ngerti tenan sepira ambané, dawané, dhuwuré, lan jeroné ajaran sing bener”. Hasilé, imané meréka isa ”tetep kuwat lan kokoh”. (Éf. 3:14-19) Awaké dhéwé ya kudu kaya ngono. w23.10 18 ¶1-3
Senèn, 15 September
Sedulur-sedulur, kowé kudu niru contoné nabi-nabi sing ngomong nganggo jenengé Yéhuwah. Nabi-nabi kuwi ngalami akèh kesusahan lan tetep sabar.—Yak. 5:10.
Ing Alkitab ana akèh conto soal wong-wong sing sabar. Apa wis nyoba sinau soal kuwi? Misalé, Daud dipilih dadi raja pas isih enom. Tapi, dhèwèké kudu ngentèni bertaun-taun sakdurungé dadi raja. Siméon karo Hana tetep setya nglayani Yéhuwah karo ngentèni Mésias teka. (Luk. 2:25, 36-38) Pas sinau soal kuwi coba pikirna, ’Kok isa wong-wong kuwi sabar? Apa manfaaté merga sabar? Piyé carané niru?’ Njenengan ya isa sinau saka wong-wong sing ora sabar. (1 Sam. 13:8-14) Coba pikirna, ’Ngapa ya wong-wong kuwi ora sabar? Apa akibaté merga ora sabar?’ w23.08 25 ¶15