Senèn, 22 September
Dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku. Baptisen wong-wong kuwi nganggo jenengé Bapak [lan] Anak.—Mat. 28:19.
Yésus ya péngin wong-wong nyebut jenengé Bapaké. Wektu kuwi, para pemimpin agama nganggep nèk nyebut jenengé Gusti Allah kuwi ora sopan. Tapi, Yésus tetep nyebut jenengé Gusti Allah. Misalé, wektu dhèwèké marèkké wong sing kesurupan ing Gérasa. Bar kuwi, wong-wong dadi padha wedi, terus ngongkon Yésus lunga. (Mrk. 5:16, 17) Tapi, Yésus tetep péngin bèn jeneng Yéhuwah dikenal karo wong-wong ing kono. Makané, dhèwèké ngongkon bèn wong sing bar kesurupan kuwi ngandhani wong-wong nèk Yéhuwah sing wis marèkké dhèwèké, dudu Yésus. (Mrk. 5:19) Saiki, Yésus ya péngin bèn jenengé Bapaké dikenal wong sak donya. (Mat. 24:14; 28:20) Nèk awaké dhéwé mèlu nyritakké jeneng Yéhuwah, kuwi nggawé Yésus seneng. w24.02 10 ¶10
Selasa, 23 September
Senajan ngalami akèh kesusahan merga jenengku, ning kowé tetep setya.—Why. 2:3.
Keadaan ing akhir jaman iki saya suwé saya ora karuan. Tapi, awaké dhéwé bersyukur merga isa dadi bagéan saka organisasiné Yéhuwah. Yéhuwah wis ngekèki sedulur seiman sing rukun lan seneng nulungi. (Mzm. 133:1) Yéhuwah ya mbantu bèn keluargané awaké dhéwé isa bahagia. (Éf. 5:33–6:1) Terus, Yéhuwah ya ngekèki naséhat lan tuntunan bèn awaké dhéwé isa ayem lan ora terlalu kuwatir. Bèn isa terus setya nglayani Yéhuwah kuwi kudu ngupaya tenanan, soalé kuwi ora gampang. Isa waé wong liya marakké awaké dhéwé kecéwa. Utawa, merga ping bola-bali nggawé kesalahan, awaké dhéwé dadi kecéwa karo diri sendiri. Dadi, awaké dhéwé kudu terus setya nglayani Yéhuwah meskipun (1) kecéwa karo sedulur seiman, (2) kecéwa karo bojo, lan (3) kecéwa karo diri sendiri. w24.03 14 ¶1-2
Rebo, 24 September
Terus maju kaya sing wis awaké dhéwé tindakké nganti saiki.—Flp. 3:16.
Ana akèh umaté Yéhuwah sing berupaya bèn isa luwih akèh nglayani. Misalé, mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kerajaané Allah utawa pindhah ing dhaérah sing butuh luwih akèh penginjil. Nèk njenengan isa nggawé rencana-rencana kaya ngono, ya upayakna. (Kis. 16:9) Tapi nèk saiki ora isa, piyé? Aja cilik ati utawa ngrasa ora berguna. Sing paling penting kuwi, njenengan tetep setya karo Yéhuwah. (Mat. 10:22) Yéhuwah seneng banget nèk njenengan ngupayakké sing paling apik sesuai karo kemampuan lan situasiné njenengan. Kuwi salah siji cara sing paling apik kanggo ”ngetutké” Yésus sakwisé dibaptis.—Mzm. 26:1. w24.03 10 ¶11