Senèn, 29 September
Wong sing kesalahané diapura, sing dosané diapura, bakal bahagia.—Mzm. 32:1.
Kudu mikirké alesané gelem ngabdi lan dibaptis. Njenengan gelem dibaptis merga péngin ndhukung Yéhuwah. Coba éling-éling manèh kenapa njenengan yakin nèk sing dipelajari bener. Merga wis ngerti akèh soal Yéhuwah, njenengan dadi sayang karo Dhèwèké. Njenengan dadi nduwé iman lan péngin berubah. Njenengan mandheg saka kebiasaan sing salah lan manut karo Yéhuwah. Njenengan mesthi seneng merga Yéhuwah gelem ngapura. (Mzm. 32:2) Njenengan mulai teka ing pertemuan ibadah lan mulai nginjil. Merga wis ngabdi lan dibaptis, njenengan mlaku ing dalan sing ngarah ing urip. Njenengan mesthi péngin berusaha terus mlaku ing dalan kuwi. (Mat. 7:13, 14). Muga-muga njenengan terus nduwé tékad sing kuwat, sayang Yéhuwah, lan manut préntahé. w23.07 17 ¶14; 19 ¶19
Selasa, 30 September
Gusti Allah mesthi bakal nepati janjiné. Dhèwèké ora bakal meneng waé pas kowé digodha ngluwihi apa sing isa mbok tanggung. Malah, Dhèwèké bakal mbantu kowé bèn kowé isa sabar ngadhepi godhaan kuwi.—1 Kor. 10:13.
Njenengan bakal luwih wani nolak godhaan nèk ngrenungké janji ngabdiné njenengan. Misalé, merga éling wis nggawé janji ngabdi karo Yéhuwah, njenengan ora bakal mulai nggodha bojoné wong liya. Nèk kèt awal ora nduwé perasaan-perasaan kaya ngono, njenengan ora perlu susah-susah nyingkirké perasaan sing ora pantes. Njenengan isa ’ngedohi kelakuané wong jahat’. (WB. 4:14, 15) Njenengan isa niru contoné Yésus. Kèt awal, tékadé Yésus kuwi arep nyenengké Bapaké. Nah, nèk tékadé njenengan ya péngin nyenengké Yéhuwah, njenengan bakal wani nolak apa waé sing marakké Yéhuwah ora seneng. (Mat. 4:10; Yoh. 8:29) Nèk ana tantangan lan godhaan, kuwi isa dadi kesempatan mbuktèkké nèk njenengan bertékad ”terus ngetutké” Yésus. Njenengan isa yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu. w24.03 9-10 ¶8-10
Rebo, 1 Oktober
Kawicaksanan sing asalé saka ndhuwur kuwi nggawé wong dadi . . . siap manut.—Yak. 3:17.
Apa njenengan tau ngrasa nèk manut kuwi abot? Raja Daud tau kaya ngono. Makané dhèwèké ndonga, ”Gawénen aku bèn péngin manut karo Njenengan.” (Mzm. 51:12) Meskipun sayang karo Yéhuwah, Daud isih kudu berjuang bèn isa manut. Awaké dhéwé ya kaya ngono. Lha ngapa? Pertama, merga awaké dhéwé ora sampurna, biasané pénginé mbrontak. Keloro, Sétan terus-terusan ngojok-ojoki bèn awaké dhéwé ora manut Gusti Allah, kaya dhèwèké. (2 Kor. 11:3) Ketelu, akèh-akèhé wong saiki seneng mbrontak merga ’pikirané dipengaruhi karo penguasané donya iki’. (Éf. 2:2) Makané, awaké dhéwé kudu berjuang bèn isa terus manut karo Yéhuwah lan karo wong-wong sing dikèki Yéhuwah wewenang. w23.10 6 ¶1