PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Minggu Iki
14-20 Juli
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjil—2025 | Juli

14-20 JULI

WULANG BEBASAN 22

Lagu 79 lan Donga | Pembuka (1 men.)

SINAU SAKA ALKITAB

1. Naséhat ing Alkitab kanggo Wong Tuwa

(10 men.)

Bantunen anak-anak bèn ngerti kudu piyé nèk ana masalah (WB 22:3; w20.10 27 ¶7)

Wulangen anak-anak kèt bayi (WB 22:6; w19.12 26 ¶17-19)

Wektu ndhidhik aja kasar, tapi tetep tegas (WB 22:15; w06-IN 1/4 9 ¶4)

Bapak ngajari anaké nganggo Alkitab. Ing tablèté anaké ana gambar soal évolusi.

2. Wulangan Penting

(10 men.)

  • WB 22:29—Piyé carané ngetrapké ayat iki ing jemaat, lan apa manfaaté? (w21.08 22 ¶11)

  • Apa sing isa dipelajari saka jadwal maca Alkitab minggu iki?

3. Maca Alkitab

(4 men.) WB 22:​1-19 (th Pelajaran 10)

DITRAPKÉ WEKTU NGINJIL

4. Mulai Omong-omongan

(3 men.) ING OMAH-OMAH. (lmd Pelajaran 5 nomer 4)

5. Mulai Omong-omongan

(4 men.) PAS KETEMU SAPA WAÉ. Duduhna carané nggolèki artikel, vidéo, lan keterangan liyané ing jw.org sing cocog kanggo wong tuwa. (lmd Pelajaran 1 nomer 4)

6. Ceramah

(5 men.) ijwyp artikel 100—Judhul: Piyé Nèk Aku Nglanggar Aturané Wong Tuwaku? (th Pelajaran 20)

URIPÉ WONG KRISTEN

Lagu 134

7. Kudu Sabar, Tapi Tetep Tegas

(15 men.) Rembugan.

Pas ndhidhik anak, wong tuwa kudu sabar. Wong tuwa kudu perhatian lan nduwé wektu karo anak-anaké. (PT 6:​6, 7) Bèn isa ngerti sing dipikirké lan dirasakké anaké, wong tuwa isa ngejak ngobrol lan ngrungokké tenanan anaké. (WB 20:5) Wong tuwa ya mungkin kudu bola-bali ngandhani anaké bèn akhiré meréka isa paham lan manut.

Wong tuwa mémang kudu sabar, tapi kudu tetep tegas. Yéhuwah ngekèki wong tuwa tanggung jawab kanggo ngandhani anaké sing bener lan sing salah, terus ya ngukum anaké nèk ora manut.—WB 6:20; 23:13.

Wacanen Éfésus 4:31. Terus takona:

  • Ngapa kok wong tuwa aja nesu-nesu wektu ngandhani anaké?

Wacanen Galatia 6:7. Terus takona:

  • Wong tuwa kudu ngandhani anaké apa akibaté nèk meréka ora manut. Ngapa kok kuwi penting?

Gambar saka vidéo ”’Sabar karo Liyané Merga Tresna’—karo Anak”. Max ngrungokké tenan Sally.

Setèlen VIDÉO ”Sabar karo Liyané Merga Tresna”—karo Anak. Terus takona:

  • Apa sing isa dipelajari saka vidéo kuwi?

8. Sinau Alkitab Jemaat

(30 men.) lfb ”Surat saka Pengurus Pusat”, Pengantar Bagian 1, lan Pelajaran 1

Penutup (3 men.) | Lagu 6 lan Donga

Daftar Isi
Warta Penting (Wulangan)—2025 | Mei

Artikel Pelajaran 19: 14-20 Juli 2025

2 Niru Para Malaékat sing Setya

Bahan Tambahan

Artikel-artikel liya ing majalah iki

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim