PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp18 No. 3 hlm. 14-15
  • Manfaaté Merga Ngerti Gusti Allah Perduli

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Manfaaté Merga Ngerti Gusti Allah Perduli
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ANA KETERANGAN APA ING ALKITAB?
  • Gusti Allah Kuwi Sapa?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Alesané Kudu Tetep Semangat Urip
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2019
  • Piyé Perasaané Gusti Allah Pas Ndelok Njenengan Susah?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
  • Apa ing Alkitab Ana Ayat-Ayat sing Isa Nguwatké Aku?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
wp18 No. 3 hlm. 14-15
Wong-wong saka suku lan umur sing béda-béda ing donya anyar

Manfaaté Merga Ngerti Gusti Allah Perduli

Badané manungsa wis dirancang Gusti Allah bèn isa mari dhéwé. Wektu terluka, ana ”prosès rumit sing dirancang kanggo nambani luka sing gedhé utawa sing cilik”. (Johns Hopkins Medicine) Badané manungsa isa langsung ngendhegké pendarahan, nambani luka, lan nguwatké jaringan-jaringan.

COBA DIPIKIR: Nèk Gusti Allah waé wis ngrancang badané manungsa bèn isa mari dhéwé, mula awaké dhéwé isa percaya karo janjiné ing kitab Mazmur, ”Dhèwèké nambani wong sing lara ati. Luka-lukané wong kuwi diperban.” (Mazmur 147:3) Tapi, nèk ana pengalaman sing nggawé njenengan trauma, piyé njenengan isa yakin nèk Yéhuwah bakal nambani lukané njenengan?

ANA KETERANGAN APA ING ALKITAB?

Gusti Allah janji, ”Aja wedi merga Aku ndhukung kowé. Aja kuwatir merga Aku Gusti Allahmu. Aku bakal nyemangati kowé. Aku bakal nulungi kowé.” (Yésaya 41:10) Nèk ngerti Yéhuwah perduli, kuwi isa marahi dadi ayem lan isa ngadhepi akèh masalah. Kok isa? Rasul Paulus ngomong, ”Gusti Allah bakal mènèhi kowé rasa ayem sing ora isa dipahami manungsa.” Dhèwèké ya ngomong, ”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé, merga Gusti mènèhi aku kekuwatan.”​—Filipi 4:4-7, 9, 13.

Isiné Alkitab isa mbantu awaké dhéwé percaya karo janji-janjiné Yéhuwah kanggo manungsa. Contoné, ing Wahyu 21:4, 5 (isiné ditulis ing halaman 15) dijelaské Gusti Allah bakal ngapa lan ngapa kok awaké dhéwé isa percaya kuwi:

  • Gusti Allah ’bakal ngusapi air mata’ saka mripaté wong-wong. Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh kesusahan lan kekuwatirané awaké dhéwé meskipun kuwi kétoké ora penting kanggo wong liya.

  • Yéhuwah, ”sing lungguh ing takhta” ing swarga, bakal nggunakké kuwasané lan wewenangé kanggo nyingkirké kabèh kesusahan lan mbantu awaké dhéwé.

  • Yéhuwah njamin nèk janji-janjiné ”bener lan isa dipercaya”, merga Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing sejati sing kabèh janjiné mesthi kelakon.

”’Gusti Allah bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi. Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh. Kabèh sing mbiyèn nyebabké awaké dhéwé sedhih wis ora ana manèh.’ Gusti Allah sing lungguh ing takhta kuwi kandha, ’Deloken. Aku nggawé kabèh dadi anyar.’ Dhèwèké ya kandha, ’Tulisen iki, merga omongan iki bener lan isa dipercaya.’”​—Wahyu 21:4, 5.

Awaké dhéwé isa sinau soal sifat-sifaté Gusti Allah liwat ciptaan lan Alkitab. Liwat ciptaané, awaké dhéwé isa ngerti nèk awaké dhéwé isa dadi kancané Gusti Allah. Terus, liwat Alkitab Yéhuwah ngundang awaké dhéwé, ”Kowé kudu nyedhak marang Gusti Allah, lan Dhèwèké bakal nyedhak marang kowé.” (Yakobus 4:8) Ing Kisah 17:27 disebutké, ”Gusti Allah kuwi sakjané cedhak karo awaké dhéwé.”

Nèk tambah kenal Gusti Allah, njenengan bakal dadi tambah yakin nèk Gusti Allah nggatèkké njenengan. (1 Pétrus 5:7) Apa manfaaté kuwi kanggo awaké dhéwé?

Gatèkna pengalamané Toru saka Jepang. Ibuné Toru kuwi wong Kristen, tapi Toru mèlu nggabung ing kelompok yakuza, Mafia Jepang. Toru crita, ”Aku percaya nèk Gusti Allah ora seneng karo aku. Wong-wong sing tak sayangi mati merga Gusti Allah ngukum aku.” Toru ngakoni nèk dhèwèké dadi wong sing ”ora nduwé perasaan lan kejem” merga pengaruh saka lingkungané. Dhèwèké nyritakké kepénginané mbiyèn, ”Aku péngin matèni wong sing terkenal, bar kuwi aku péngin mati muda bèn terkenal.”

Tapi, sakwisé Toru lan bojoné sing jenengé Hannah sinau Alkitab, Toru berubah. Hannah crita, ”Aku ndelok dhéwé nèk bojoku berubah.” Toru ngomong, ”Gusti Allah mémang bener-bener perduli karo awaké dhéwé. Dhèwèké ora péngin ana wong sing mati lan gelem ngapura wong-wong sing tenanan bertobat. Gusti Allah gelem ngrungokké kabèh sing awaké dhéwé critakké, termasuk sing ora awaké dhéwé critakké karo wong liya lan sing ora dipahami karo wong liya. Sedhéla manèh Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh masalah lan kesusahan. Saiki waé Gusti Allah wis mbantu awaké dhéwé nganggo cara sing ora disangka-sangka. Gusti Allah perduli lan gelem mbantu wektu awaké dhéwé lagi susah.”​—Mazmur 136:23.

Pengalamané Toru mbantu awaké dhéwé ngerti nèk Gusti Allah isa lan bakal nyingkirké kabèh kesusahan ora suwé manèh. Kuwi harapan sing nyenengké. Saiki awaké dhéwé ya isa bahagia. Meskipun donya iki kebak kesusahan, njenengan isa éntuk manfaat merga ngerti nèk Gusti Allah perduli karo njenengan.

    Wacan Basa Jawa (2013-2026)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim