”Kowé luwih berharga.”—MATIUS 10:31
Apa Gusti Allah Nggatèkké Njenengan?
SINAU SAKA CARANÉ MANUNGSA DICIPTAKKÉ
Sak jam sakwisé bayi lair kuwi wektu sing penting banget. Nèk bayiné didèlèhké ing cedhak ibuné, kuwi isa ngasilké ikatan sing kuwat banget lan apik kanggo perkembangan lan pertumbuhané bayi.a
Ngapa kok ibu-ibu nduwé perasaan sayang karo bayiné sing lagi waé lair? Profesor Jeannette Crenshaw njelaské ing The Journal of Perinatal Education nèk ana peningkatan hormon oksitosin sing ”ngrangsang perasaané ibu sing lagi waé nglairké, wektu ibu kuwi ndemèk, ndelok, lan nyusoni bayiné”. Terus, ana hormon liyané sing ”nggawé ibu kuwi dadi tanggap karo kebutuhané bayiné” lan nggawé bayi kuwi karo ibuné nduwé ikatan sing kuwat.
Hubungan sing kuwat antarané ibu lan bayiné kuwi wis dirancang karo Sang Pencipta, yaiku Yéhuwah.b Raja Daud ngakoni nèk Gusti Allah sing nggawé dhèwèké isa lair lan rumangsa nyaman ing dekepané ibuné. Daud ndonga, ”Njenengan ngopèni aku kèt aku lair. Njenengan wis dadi Gusti Allahku kèt aku isih ana ing wetengé ibuku.”—Mazmur 22:9, 10.
COBA DIPIKIR: Gusti Allah wis ngrancang sistem sing rumit kaya ngono kuwi kanggo mastèkké bèn ibu-ibu isa nduwé perasaan sayang lan tanggap karo kebutuhané bayiné. Dadi, masuk akalé Gusti Allah ya mesthi perduli karo awaké dhéwé.
ANA KETERANGAN APA ING ALKITAB?
Yésus Kristus, sing ngerti tenan soal Gusti Allah ngomong, ”Manuk emprit loro nèk diedol regané mung sak dhuwit rècèh cilik, ta? Ning, ora ana manuk siji waé sing tiba ing lemah tanpa dingertèni Bapakmu. Malah, Bapakmu ngerti jumlahé rambut ing sirahmu. Mula aja wedi. Kowé luwih berharga timbang akèh manuk emprit.”—Matius 10:29-31.
Ora akèh wong sing nggatèkké manuk-manuk cilik, apamanèh sing tiba ing lemah. Tapi, Gusti Allah nggatèkké saben manuk kuwi. Kanggoné Gusti Allah, manungsa kuwi luwih berharga timbang manuk siji utawa akèh. Dadi ”aja wedi”, merga Gusti Allah perduli banget karo njenengan.
Gusti Allah bener-bener perduli lan nggatèkké merga sayang awaké dhéwé
Ayat-ayat sing nguwatké
”Mripaté Yéhuwah nggatèkké apa sing kelakon ing endi-endi. Dhèwèké nggatèkké wong sing jahat lan wong sing apik.”—WULANG BEBASAN 15:3.
”Yéhuwah nggatèkké wong sing bener, lan Dhèwèké ngrungokké wektu wong kuwi njaluk tulung.”—MAZMUR 34:15.
”Aku bakal ngrasa seneng banget merga Njenengan sayang karo aku, Njenengan ndelok nèk aku sengsara, lan Njenengan ngerti nèk aku susah banget.”—MAZMUR 31:7.
”AKU NGRASA ORA DISAYANGI YÉHUWAH”
Apa pengaruhé kanggo awaké dhéwé nèk ngerti Gusti Allah kuwi bener-bener perduli lan nggatèkké? Gatèkna pengalamané Hannahc saka Inggris:
”Kerep banget aku ngrasa nèk Yéhuwah kuwi ora sayang aku lan donga-dongaku ora dijawab. Aku mikir apa kuwi merga aku kurang iman. Aku ngrasa nèk aku iki ora penting, mulané aku éntuk hukuman lan ora digatèkké. Aku ngrasa Gusti Allah ora perduli karo aku.”
Tapi, akhiré Hannah ora ngrasa kaya ngono manèh. Hannah crita, ”Suwé-suwé perasaanku berubah. Pirang-pirang taun sakdurungé, ana ceramah Alkitab sing ngrembug soal tebusané Yésus sing ana pengaruhé kanggo aku. Kuwi nggawé aku dadi yakin manèh nèk Yéhuwah sayang aku. Wektu donga-dongaku dijawab, kuwi marahi aku nangis, merga aku sadhar nèk Yéhuwah bener-bener sayang aku. Sakliyané kuwi, saka sinau Alkitab lan pertemuan ibadah, aku isa sinau luwih akèh soal Yéhuwah, sifat-sifaté, lan perasaané karo manungsa. Aku saiki ngerti tenan nèk Yéhuwah bener-bener ndhukung lan sayang karo awaké dhéwé. Yéhuwah pancèn péngin banget nggatèkké saben wong.”
Omongané Hannah kuwi nguwatké awaké dhéwé. Tapi, piyé njenengan isa yakin nèk Gusti Allah ngerti tenan perasaané njenengan? Pertanyaan kuwi bakal dibahas ing artikel berikuté.
a Ana ibu sing ngalami déprèsi bar nglairké, lan mungkin susah kanggo nduwé ikatan sing kuwat karo bayiné. Tapi, ibu-ibu sing ngalami kuwi ora perlu ngrasa bersalah. Menurut Institut Kesehatan Mental Nasional AS, déprèsi merga bar nglairké kuwi ”isa waé merga faktor fisik lan émosi . . . tapi iki dudu merga apa sing wis dilakoni utawa apa sing durung dilakoni karo dhèwèké”. Kanggo keterangan luwih akèh soal iki deloken artikel ”Memahami Depresi Pascapersalinan” ing Sedarlah! 8 Juni 2003.
b Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah sing ana ing Alkitab.—Mazmur 83:18.
c Ana jeneng-jeneng ing majalah iki sing dudu jeneng asliné.