Sapa sing Nyebabké Kesusahan?
Nèk dudu Gusti Allah sing nyebabké, terus ngapa kok ana kemiskinan, kurang pangan, perang, wabah penyakit, lan bencana alam? Ing Alkitab ana keterangan soal alesané manungsa sengsara:
Sifat Égois, Srakah, lan Benci. ”Manungsa nguwasani manungsa liyané mulané dadi sengsara.” (Pengkhotbah 8:9) Merga wong-wong ora sempurna, égois, lan kejem, kuwi nggawé sengsara.
Wektu lan Kedadéan sing Ora Disangka-sangka. Manungsa isa sengsara ”merga wektu lan kedadéan sing ora disangka-sangka”. (Pengkhotbah 9:11) Misalé mungkin merga ana ing panggonan lan wektu sing ora pas, utawa merga ana wong liya sing ora ngati-ati utawa nggawé kesalahan.
Donya Iki Dikuwasani Sétan. Ing Alkitab dijelaské sapa sing dadi sumberé kabèh kesusahan, ”Donya iki dikuwasani si jahat.” (1 Yohanes 5:19, cathetan ngisor) ”Si jahat” kuwi maksudé Sétan si Iblis, makhluk roh sing gedhé kuwasané. Mauné dhèwèké malaékaté Gusti Allah, tapi terus ”nyimpang saka apa sing bener”. (Yohanes 8:44) Para malaékat liya mèlu-mèlu Sétan lan mbrontak nglawan Gusti Allah merga mung mikirké kepentingané dhéwé lan akhiré dadi roh-roh jahat. (Purwaning Dumadi 6:1-5) Sakwisé mbrontak, Sétan lan para malaékaté mempengaruhi manungsa. Apamanèh Sétan saiki nesu banget lan lagi ”nyesatké kabèh penduduk ing bumi”. Akibaté, ’cilaka [kanggo] bumi’. (Wahyu 12:9, 12) Sétan kuwi pancèn penguasa sing kejem. Dhèwèké seneng banget ndelok manungsa sengsara. Dadi, sing nyebabké manungsa sengsara kuwi Sétan, dudu Gusti Allah.
COBA DIPIKIR: Sing isa nggawé susah wong sing ora salah kuwi mung penjahat sing ora nduwé perasaan. Ing Alkitab disebutké, ”Gusti Allah kuwi katresnan.” (1 Yohanes 4:8) Mula, ”ora mungkin Gusti Allah sing bener tumindak jahat, ora mungkin Sing Mahakuwasa tumindak salah”.—Ayub 34:10.
Tapi, njenengan mungkin mikir, ’Nganti kapan Gusti Allah Sing Mahakuwasa ngejarké Sétan nguwasani donya iki?’ Kaya sing dibahas mau, Gusti Allah sengit karo tumindak jahat lan susah wektu ndelok manungsa sengsara. Ing Alkitab ya disebutké, ”Kowé kudu masrahké kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah merga Dhèwèké perduli karo kowé.” (1 Pétrus 5:7) Dadi, Gusti Allah sayang karo awaké dhéwé lan nduwé kuwasa kanggo nyingkirké kabèh kesusahan. Artikel berikuté bakal njelaské soal kuwi.a
a Bèn ngerti luwih akèh soal ngapa kok saiki uripé manungsa susah, deloken Pelajaran 26 saka buku Bahagia Saklawasé, sing dicétak Seksi-Seksi Yéhuwah. Buku iki ya ana ing www.pr2711.com/jv.