SINAU SAKA ALKITAB | YÉSAYA 1-5
”Ayo, Kita Padha Munggah ing Gunungé Sang Yéhuwah”
”Ing wekasané jaman”  | 
Jaman kita saiki  | 
”Gunung papan padalemané Sang Yéhuwah”  | 
Ibadah sing sejati marang Yéhuwah diluhurké  | 
”Sakèhing bangsa bakal gumrudug mrana”  | 
Wong-wong sing ndhukung ibadah sejati nglumpuk dadi siji  | 
”Ayo, kita padha munggah ing gunungé Sang Yéhuwah”  | 
Umaté Yéhuwah ngundang wong liya mèlu gabung  | 
”Supaya Panjenengané paring piwulang marang kita bab margi-marginé lan supaya kita padha lumaku ing kono”  | 
Yéhuwah nuntun lan ngarahké kita liwat Alkitab  | 
”Ora bakal nggladhi perang manèh”  | 
Yésaya nggambarké senjata-senjata perang didadèkké piranti kanggo tani, kuwi nduduhké nèk umaté Yéhuwah ngupaya rukun. Kaya apa piranti-piranti kuwi ing jamané Yésaya?  | 
”Pedhang-pedhangé kadadèkaké kejèn”  | 
1 Kejèn kuwi bagéan saka luku [bajak] sing dinggo ngolak-ngalik lemah. Biyasané digawé saka wesi.—1Sa 13:20  | 
”Tumbak-tumbaké kadadèkaké arit”  | 
2 Arit kuwi péso sing digawé saka wesi bentuké mlungker lan ana cekelané. Biyasané dinggo ngethoki pangé wit anggur.—Yé 18:5  |