-
Yohanes Pembaptis Nyiapké DalanYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Akèh wong padha teka kanggo ngrungokké Yohanes. Wong-wong kuwi asalé saka ”Yérusalèm, wilayah Yudéa, lan kabèh dhaérah ing sakiwa-tengené Kali Yordan”. (Matius 3:5) Sakwisé krungu wartané Yohanes, wong-wong kuwi dadi sadhar, banjur padha mertobat nganggo cara ngowahi tumindak lan uripé sing ala. Yohanes mbaptis wong-wong kuwi ing Kali Yordan nganggo cara nglelepké ing njero banyu. Apa sebabé?
Baptisan Yohanes kuwi lambang sing nduduhké nèk wong bener-bener mertobat saka tumindaké sing nglanggar perjanjian Hukumé Gusti Allah. (Kisah 19:4) Nanging ora kabèh isa netepi syarat kanggo dibaptis. Wektu wong-wong Farisi lan Saduki teka marani Yohanes, Yohanes nyebut wong-wong kuwi ”keturunan ula sing ana racuné”. Dhèwèké kandha, ”Duduhna liwat tumindakmu nèk kowé pancèn wis mertobat. Aja mikir nèk kowé isa mbatin, ’Leluhurku kuwi Abraham.’ Kowé kabèh tak kandhani, Gusti Allah isa maringi Abraham keturunan saka watu-watu iki. Kapak wis didèlèhké ing cedhak oyodé wit. Mula, saben wit sing ora ngasilké woh sing apik bakal ditegor lan bakal diuncalké ing geni.”—Matius 3:7-10.
-
-
Yohanes Pembaptis Nyiapké DalanYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Dadi, warta sing disampèkké Yohanes ”Mertobata, merga Kraton swarga wis cedhak” kuwi bener-bener cocog. (Matius 3:2) Warta kuwi ngandhani akèh wong nèk Raja sing dijanjèkké Yéhuwah, yaiku Yésus Kristus bakal mulai nindakké pelayanané.
-