-
Kratoné Gusti Allah Wis Satus Taun MréntahWarta Penting (Wulangan)—2015 | 1 November
-
-
2. Sapa waé sing ngrungokké préntahé Yésus sing dicathet ing Matéus 28:19, 20, lan apa buktiné?
2 Ora suwé sakwisé diuripké manèh, Yésus nemoni para muridé sing cacahé luwih saka 500. (1 Kr. 15:6) Mbokmenawa kedadéan kuwi padha wektuné pas Yésus mènèhi préntah kanggo nginjil karo ”sakabèhing bangsa”. Gawéan nginjil iki ora gampang.a Yésus ngandhani nèk gawéan nginjil iki bakal terus ditindakké, malah ”nganti tumeka ing wekasaning jaman”. Wektu martakké kabar apik saiki, jan-jané panjenengan mèlu ndhukung bèn ramalané kelakon.—Mt. 28:19, 20.
-
-
Kratoné Gusti Allah Wis Satus Taun MréntahWarta Penting (Wulangan)—2015 | 1 November
-
-
a Kayané sebagéan murid mau dadi wong Kristen. Apa buktiné? Rasul Paulus nyebut wong-wong kuwi ”sadulur luwih saka 500”. Paulus banjur kandha, ”Kang akèh nganti sapréné isih padha urip, salong iya wus padha mati.” Paulus lan wong Kristen liyané kayané pancèn kenal karo wong-wong sing krungu langsung préntahé Yésus.
-