PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Ayub Kuwi Sapa?
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Ayub sing lagi lara diparani karo wong lanang telu

      PELAJARAN 16

      Ayub Kuwi Sapa?

      Ing Uz, ana wong lanang sing nyembah Yéhuwah. Wong lanang kuwi jenengé Ayub. Ayub kuwi sugih banget lan nduwé anak akèh. Ayub wongé ya apikan. Dhèwèké seneng nulungi wong miskin, wong wédok sing ditinggal mati bojoné, lan bocah-bocah sing ora nduwé wong tuwa. Senajan dadi wong sing apikan, apa Ayub ora tau nduwé masalah?

      Sétan

      Sétan terus ngamati Ayub. Tapi, Ayub ora ngerti. Yéhuwah ngomong karo Sétan, ’Apa kowé ngerti Ayub? Ayub manut karo aku. Ora ana sing kaya dhèwèké ing bumi iki.’ Sétan njawab, ’Ya mesthi. Ayub kan mbok lindhungi lan mbok berkahi terus. Ayub ya mbok wènèhi tanah lan ternak. Jupuken kuwi kabèh. Mengko Ayub mesthi dadi ora manut.’ Yéhuwah ngomong, ’Ayub éntuk mbok apak-apakké. Tapi, aja mbok patèni.’ Kenapa Yéhuwah ngomong ngono? Yéhuwah percaya nèk Ayub bakal tetep manut.

      Sétan mulai mènèhi Ayub akèh musibah. Pertama, Sétan nggunakké wong Syéba kanggo nyolong sapi lan keledainé Ayub. Terus, domba-dombané Ayub mati merga ana geni saka langit. Wong Khaldéa ya nyolong unta-untané Ayub. Para gembalané Ayub ya dipatèni. Tapi, ana sing luwih parah. Kabèh anaké Ayub mati kambrukan omah wektu lagi mangan bareng. Ayub mesthi sedhih banget. Tapi, Ayub tetep manut Yéhuwah.

      Sétan péngin nggawé Ayub luwih susah manèh. Sétan nggawé Ayub kena bisul sak awak. Ayub mesthi susah banget. Ayub ora ngerti ngapa kok dhèwèké susah kaya ngono. Tapi, Ayub tetep manut Yéhuwah. Yéhuwah ndelok kuwi kabèh. Yéhuwah mesthi seneng banget karo Ayub.

      Bar kuwi, Sétan ya ngirim wong telu kanggo nudhuh Ayub. Wong-wong kuwi ngomong, ’Kowé mesthi wis nggawé dosa, tapi ora ngaku. Saiki Gusti Allah lagi ngukum kowé.’ Ayub ngomong, ’Aku ora salah apa-apa.’ Tapi, Ayub mulai mikir nèk Yéhuwah sing nyebabké dhèwèké ngalami kuwi kabèh. Ayub ngomong nèk Yéhuwah ora adil.

      Ana cah enom sing ngrungokké omong-omongané wong-wong kuwi. Cah enom kuwi jenengé Élihu. Terus, Élihu ngomong, ’Kabèh sing mbok omongké kuwi salah. Yéhuwah ora kaya ngono. Yéhuwah ora bakal nindakké sing jahat. Yéhuwah nggatèkké manungsa lan gelem mbantu.’

      Ayub, bojoné, lan anaké

      Terus, Yéhuwah ngomong karo Ayub, ’Wektu aku nggawé swarga lan bumi, kowé ana ing ngendi? Kenapa kowé ngomong aku ora adil? Kowé ora ngerti alesané kabèh iki kelakon.’ Ayub ngakoni kesalahané. Ayub ngomong, ’Aku salah. Aku wis krungu soal Njenengan. Tapi, saiki aku luwih kenal Njenengan. Ora ana sing mustahil kanggo Njenengan. Aku nyuwun ngapura.’

      Akhiré, Yéhuwah nggawé Ayub séhat manèh. Ayub ya diwènèhi luwih akèh saka sing mauné dhèwèké duwèni. Ayub isa urip suwé lan bahagia. Yéhuwah mberkahi Ayub merga dhèwèké tetep manut senajan ora gampang. Apa kowé péngin niru Ayub?

      ”Kowé wis krungu soal Ayub sing sabar lan akhiré diberkahi Yéhuwah.”​—Yakobus 5:11

      Pertanyaan: Ayub diapakké waé karo Sétan? Yéhuwah mènèhi berkah apa kanggo Ayub?

      Ayub 1:1–3:26; 4:7; 32:1-5; 34:5, 21; 35:2; 36:15, 26; 38:1-7; 40:8; 42:1-17

  • Musa Milih Nyembah Yéhuwah
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Bayi Musa ditemokké putriné Firaun wektu lagi dijaga Miriam

      PELAJARAN 17

      Musa Milih Nyembah Yéhuwah

      Ing Mesir, keluargané Yakub disebut bangsa Israèl. Sakwisé Yakub lan Yusuf mati, ana Firaun anyar sing mulai mréntah Mesir. Firaun wedi nèk bangsa Israèl dadi luwih kuwat ketimbang bangsa Mesir. Mula, bangsa Israèl didadèkké budhak. Bangsa Israèl dipeksa kerja ing ladhang. Bangsa Israèl ya dikon nggawé bata. Senajan dikon kerja abot, bangsa Israèl malah dadi tambah akèh. Firaun ora seneng. Mula, Firaun ngongkon bèn kabèh bayi lanangé bangsa Israèl dipatèni. Wong Israèl mesthi wedi banget. Apa kowé isa mbayangké kuwi?

      Ana wong wédok Israèl sing jenengé Yokhèbèd. Yokhèbèd nduwé bayi lanang sing nggantheng. Yokhèbèd péngin nglindhungi bayiné. Mula, dhèwèké nglebokké bayiné ing kranjang. Terus, kranjangé didheliké ing antarané tanduran sing ana ing Kali Nil. Mbakyuné bayi kuwi jenengé Miriam. Dhèwèké nunggu ing cedhak kono kanggo njaga adhiné.

      Bar kuwi, putriné Firaun teka ing kali kanggo adus. Putriné Firaun ndelok kranjang kuwi. Dhèwèké ndelok ana bayi sing lagi nangis ing njeroné. Dhèwèké ngrasa mesakké. Miriam takon, ’Apa njenengan gelem tak golèkké wong wédok sing isa nyusoni bayi kuwi?’ Putriné Firaun setuju. Terus, Miriam ngejak ibuné bèn ketemu karo putriné Firaun. Putriné Firaun ngomong karo Yokhèbèd, ’Gawanen bayi iki. Kowé kudu nyusoni dhèwèké. Mengko kowé tak bayar.’

      Musa kabur

      Bocah kuwi dadi tambah gedhé. Akhiré, Yokhèbèd masrahké bocah kuwi ing putriné Firaun. Bocah kuwi dijenengi Musa karo putriné Firaun. Musa dianggep dadi anaké dhéwé. Merga dadi pangéran, Musa bébas ngapa waé. Tapi, Musa tetep éling karo Yéhuwah. Musa ngerti nèk dhèwèké wong Israèl, dudu wong Mesir. Mula, Musa milih nyembah Yéhuwah.

      Wektu umuré 40 taun, Musa péngin mbantu wong Israèl. Wektu ana wong Israèl sing digebugi karo wong Mesir, Musa nggebug wong Mesir kuwi nganti mati. Terus, Musa ndhelikké mayaté ing pasir. Firaun ngerti soal kuwi. Mula, dhèwèké arep matèni Musa. Tapi, Musa lunga ing Midian. Ing kana, Musa tetep dilindhungi Yéhuwah.

      ”Merga nduwé iman, Musa . . . ora gelem disebut putuné Firaun. Dhèwèké milih ditindhes bareng karo umaté Gusti Allah.”​—Ibrani 11:24, 25

      Pertanyaan: Apa sing dialami bangsa Israèl ing Mesir? Kenapa Musa lunga saka Mesir?

      Purwaning Dumadi 49:33; Pangentasan 1:1-14, 22; 2:1-15; Kisah 7:17-29; Ibrani 11:23-27

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim