-
Semak sing KobongAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 18
Semak sing Kobong
Wis 40 taun Musa manggon ing Midian. Ing kono, dhèwèké nikah lan nduwé anak-anak. Pas lagi njaga domba ing cedhak Gunung Sinai, Musa ndelok ana sing luar biasa. Ana semak berduri sing kobong, tapi ora gosong. Musa nyedhaki semak kuwi. Terus, ana swara saka semak kuwi, ’Musa! Aja nyedhak! Copoten sandhalmu merga kowé ngadeg ing tanah sing suci.’ Kuwi swarané Yéhuwah sing lagi ngomong liwat malaékat.
Musa nutupi wajahé merga wedi. Yéhuwah ngomong, ’Aku ndelok nèk bangsa Israèl susah banget uripé. Aku bakal nylametké bangsa Israèl saka bangsa Mesir. Bangsa kuwi bakal Tak gawa ing dhaérah sing subur. Aku milih kowé kanggo mimpin umat-Ku metu saka Mesir.’ Musa mesthi kagèt banget.
Musa takon, ’Nèk ana sing takon sapa sing ngongkon aku, aku kudu njawab apa?’ Yéhuwah njawab, ’Ngomong waé karo bangsa Israèl nèk kowé dikon Yéhuwah, yaiku Allahé Abraham, Allahé Ishak, lan Allahé Yakub.’ Musa takon manèh, ’Piyé nèk padha ora ngrungokké aku?’ Yéhuwah mènèhi bukti nèk bakal mbantu Musa. Yéhuwah ngongkon Musa nguncalké tongkaté ing tanah. Tongkat kuwi berubah dadi ula. Wektu Musa nyekel buntuté ula kuwi, ulané berubah dadi tongkat manèh. Yéhuwah ngomong, ’Nèk kowé nindakké iki, iki bakal dadi bukti nèk Aku sing ngongkon kowé.’
Musa ngomong, ’Aku ora pinter ngomong.’ Yéhuwah janji, ’Kowé bakal Tak kandhani apa sing kudu mbok omongké. Aku ya bakal ngongkon Harun, kakangmu, kanggo mbantu kowé.’ Merga wis yakin nèk bakal dibantu Yéhuwah, Musa bali ing Mesir bareng karo bojo lan anak-anaké.
”Aja kuwatir soal apa sing kudu mbok omongké utawa piyé carané ngomong. Wektu kuwi, kowé bakal ngerti apa sing kudu mbok omongké.”—Matius 10:19
-
-
Bencana sing Pertama Nganti KeteluAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 19
Bencana sing Pertama Nganti Ketelu
Bangsa Israèl dikon dadi budhak. Yéhuwah ngongkon Musa lan Harun nemoni Firaun kanggo nyampèkké omongané Yéhuwah. Yéhuwah ngomong, ’Bébasna umat-Ku bèn isa ngibadah ing padhang belantara.’ Firaun njawab, ’Aku ora perduli omongané Yéhuwah. Bangsa Israèl ora bakal tak bébaské.’ Firaun malah nambahi gawéané bangsa Israèl. Yéhuwah akhiré ngukum Firaun. Apa kowé ngerti piyé carané? Yéhuwah ngekèki Sepuluh Bencana. Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Firaun ora gelem manut Aku. Sésuk ésuk, Firaun bakal lunga ing Kali Nil. Kowé kudu ngandhani dhèwèké nèk banyuné Kali Nil bakal dadi getih merga dhèwèké ora gelem mbébaské umat-Ku.’ Terus, Musa nemoni Firaun. Firaun ndélok Harun nggebug Kali Nil nganggo tongkaté. Bar kuwi, banyuné Kali Nil berubah dadi getih. Akibaté, iwaké padha mati, lan kaliné dadi mambu. Banyuné Kali Nil dadi ora isa diombé. Tapi, Firaun tetep ora gelem mbébaské bangsa Israèl.
Seminggu bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Musa nemoni Firaun manèh. Yéhuwah ngomong, ’Nèk kowé ora gelem mbébaské umat-Ku, bakal ana akèh kodhok ing Mesir.’ Harun ngethungké tongkaté. Bar kuwi, Mesir dadi kebak kodhok. Kodhoké ing endi-endi. Ana sing ing njero omah, ing tempat tidur, lan ing mangkok. Firaun ngongkon Musa ngomong karo Yéhuwah bèn nyingkirké kodhok-kodhok kuwi. Firaun janji nèk bakal mbébaské bangsa Israèl. Bencana kuwi akhiré mandheg. Wong Mesir padha ngumpulké kodhok-kodhok sing wis mati. Mesir dadi mambu banget. Tapi, Firaun tetep ora gelem mbébaské bangsa Israèl.
Terus, Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Kongkonen Harun nggebug tanah nganggo tongkaté. Mengko debu-debuné bakal berubah dadi nyamuk.’ Bar kuwi, ana akèh nyamuk ing endi-endi. Pelayané Firaun ngomong, ’Iki bencana saka Gusti Allah.’ Tapi, Firaun tetep ora gelem mbébaské bangsa Israèl.
”Aku bakal nggawé wong-wong kuwi ngerti kuwasa-Ku lan kekuwatan-Ku, lan wong-wong kuwi bakal ngerti nèk jeneng-Ku kuwi Yéhuwah.”—Yérémia 16:21
-