-
Ana Enem Bencana ManèhAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 20
Ana Enem Bencana Manèh
Musa lan Harun nemoni Firaun kanggo nyampèkké omongané Yéhuwah. Yéhuwah ngomong, ’Nèk kowé ora gelem mbébaské umat-Ku, bakal ana akèh laler ing Mesir.’ Iki dudu laler biasa. Laler iki isa nyokot wong. Laler-laler kuwi mlebu ing kabèh omahé wong Mesir. Mesir dadi kebak laler. Tapi, ing Gosyèn ora ana laler. Gosyèn kuwi dhaérah sing dienggoni bangsa Israèl. Bencana sing nomer papat lan sakterusé mung dialami bangsa Mesir. Firaun ngomong, ’Ngomonga karo Yéhuwah bèn laler-laler iki disingkirké. Bar kuwi, kowé kabèh éntuk lunga.’ Yéhuwah akhiré nyingkirké laler-laler kuwi. Tapi, Firaun ora sida mbébaské bangsa Israèl. Kapan Firaun bakal kapok?
Yéhuwah ngomong, ’Nèk Firaun ora gelem mbébaské umat-Ku, kéwan-kéwané bangsa Mesir bakal kena penyakit, terus mati.’ Sésuké, kéwané bangsa Mesir padha mati. Tapi, kéwané bangsa Israèl ora mati. Firaun tetep ndableg. Dhèwèké ora gelem mbébaské bangsa Israèl.
Terus, Yéhuwah ngongkon Musa nemoni Firaun manèh. Musa dikon nyebar awu ing udara. Awuné nyebar lan nèmplèk ing awaké wong Mesir. Terus, wong Mesir lan kéwan-kéwané dadi lara bisul sing parah. Tapi, Firaun tetep ora gelem mbébaské bangsa Israèl.
Yéhuwah ngongkon Musa nemoni Firaun manèh. Yéhuwah ngomong, ’Apa kowé isih ora gelem mbébaské umat-Ku? Sésuk bakal ana udan ès.’ Sésuké, ana udan ès tenan. Terus, ana bledhèg lan geni. Kuwi badai sing paling parah ing Mesir. Wit-witan lan tanduran dadi rusak kabèh. Tapi, tanduran ing Gosyèn ora rusak. Firaun ngomong, ’Njaluka bèn Yéhuwah ngendhegké udan iki. Bar kuwi, lungaa.’ Udan ès kuwi akhiré mandheg. Tapi, Firaun ora sida mbébaské bangsa Israèl.
Terus, Musa ngomong, ’Saiki walang-walang bakal ngentèkké tanduran sing isih ana sakwisé udan ès.’ Walang-walang kuwi mangan kabèh sing isih ana ing ladhang lan wit-witan. Walangé ana jutaan. Firaun ngomong, ’Njaluka bèn Yéhuwah ngusir walang-walang iki.’ Yéhuwah akhiré nyingkirké walang-walang kuwi. Tapi, Firaun isih ndableg.
Yéhuwah ngongkon Musa, ’Ethungna tanganmu ing langit.’ Bar kuwi, langité dadi peteng banget. Telung dina wong Mesir ora isa ndelok apa-apa. Mung dhaérahé wong Israèl sing tetep padhang.
Firaun ngomong karo Musa, ’Kowé kabèh éntuk lunga. Tapi, kéwan-kéwanmu tinggalen.’ Musa njawab, ’Kéwan-kewanku ya kudu tak gawa bèn isa tak korbanké kanggo Yéhuwah.’ Firaun dadi nesu banget. Dhèwèké mbengok, ’Lungaa kana! Nèk kowé teka manèh, kowé bakal tak patèni!’
”Kowé bakal ndelok manèh bédané wong sing bener lan sing jahat, bédané wong sing nglayani lan sing ora nglayani Gusti Allah.”—Maléakhi 3:18
-
-
Bencana sing KesepuluhAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 21
Bencana sing Kesepuluh
Musa janji karo Firaun nèk ora bakal nemoni dhèwèké manèh. Tapi, sakdurungé lunga saka ngarepé Firaun, Musa ngomong, ’Ing tengah wengi, kabèh anak lanang pertama ing Mesir bakal mati. Mulai saka anaké Firaun nganti anaké para budhak.’
Terus, Yéhuwah ngongkon bangsa Israèl nyiapké panganan sing istiméwa. Yéhuwah ngomong, ’Belèhen domba utawa kambing sing umuré setaun. Cipratna getihé ing lawang omahmu. Panggangen dagingé, terus panganen nganggo roti tanpa ragi. Kowé kudu siap-siap. Sandhalmu enggonen. Bengi iki kowé kabèh bakal Tak bébaské.’ Bangsa Israèl mesthi seneng banget.
Ing tengah wengi, malaékaté Yéhuwah nekani kabèh omah ing Mesir. Nèk lawang omahé ora ana getihé, anak lanang pertama ing omah kuwi dipatèni. Tapi, omah sing lawangé ana getihé diliwati karo malaékat. Akhiré, kabèh anak lanang pertamané wong Mesir mati. Tapi, anaké wong Israèl ora ana sing mati.
Anak lanangé Firaun ya mati. Firaun dadi nesu banget. Firaun ngomong karo Musa lan Harun, ’Lungaa! Lungaa saka kéné. Kana! Ngibadaha karo Gusti Allahmu. Gawanen kabèh kéwanmu!’
Pas kuwi lagi bulan purnama. Bangsa Israèl akhiré lunga saka Mesir. Wong-wong kuwi baris nurut keluarga lan sukuné. Ana 600.000 wong lanang Israèl. Terus, ya ana akèh wong wédok lan bocah-bocah. Tapi, ora mung kuwi. Ana wong-wong saka bangsa liya sing mèlu bangsa Israèl merga péngin nyembah Yéhuwah. Akhiré, bangsa Israèl bébas!
Kanggo ngéling-éling nèk wis dislametké Yéhuwah, saben taun bangsa Israèl mangan panganan sing istiméwa kuwi. Kegiatan kuwi disebut Paskah, sing artiné ”ngliwati”.
”Aku isih péngin kowé urip bèn Aku isa nduduhké kuwasa-Ku lan bèn kabèh wong sing ana ing bumi ngerti jeneng-Ku.”—Roma 9:17
-