-
Bangsa Israèl Ora Nepati JanjinéAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 24
Bangsa Israèl Ora Nepati Janjiné
Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Temoni Aku ing gunung. Aku bakal nulis hukumku ing lèmpèngan watu lan tak wènèhké kowé.’ Musa munggah gunung. Musa ing kono nganti 40 dina lan 40 wengi. Ing kono, Yéhuwah nulis Sepuluh Préntah ing rong lèmpèngan watu. Terus, lèmpèngan watu kuwi diwènèhké Musa.
Bangsa Israèl mikir nèk Musa ora bakal bali manèh. Bangsa Israèl ngomong karo Harun, ’Gawèkna allah kanggo mimpin aku.’ Harun ngomong, ’Kéné, emasmu wènèhna aku.’ Terus, Harun nggawé patung anak sapi saka emas-emas kuwi. Bangsa Israèl ngomong, ’Anak sapi iki Gusti Allah sing mbébaské awaké dhéwé saka Mesir.’ Bangsa Israèl mulai nyembah patung anak sapi emas lan nggawé perayaan. Apa kuwi salah? Ya. Bangsa Israèl wis janji mung nyembah Yéhuwah. Tapi, saiki bangsa Israèl ora nepati janjiné.
Yéhuwah ndelok kuwi kabèh. Terus, Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Mudhuna. Bangsa Israèl wis ora manut karo Aku. Bangsa kuwi nyembah patung.’ Musa mudhun saka gunung karo nggawa rong lèmpèngan watu.
Pas wis mèh tekan, Musa krungu bangsa Israèl lagi nyanyi. Terus, Musa ndelok bangsa Israèl lagi njogèd lan sujud ing ngarepé patung anak sapi. Musa nesu banget. Musa mbanting lèmpèngan watuné ing tanah. Akibaté, lèmpèngané hancur. Terus, Musa takon karo Harun, ’Ngapa kok kowé manut wong-wong kuwi?’ Harun ngomong, ’Aja nesu. Kowé kan ngerti bangsa Israèl kuwi kaya apa. Bangsa Israèl péngin nduwé allah. Dadi, aku nggawé patung saka emas-emasé wong-wong kuwi.’ Harun kuduné ora nindakké kuwi. Terus, Musa munggah manèh ing gunung. Musa njaluk bèn Yéhuwah ngapura bangsa Israèl.
Yéhuwah ngapura wong-wong sing gelem manut. Dadi, bangsa Israèl kuduné manut karo arahané Musa. Kuwi penting banget.
”Nèk kowé janji marang Gusti Allah, kudu cepet ditepati, merga Dhèwèké ora seneng karo wong bodho sing ora nepati janji. Mula nèk kowé janji, kudu ditepati.”—Pengkhotbah 5:4
-
-
Tabernakel kanggo NgibadahAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 25
Tabernakel kanggo Ngibadah
Wektu Musa lagi ing Gunung Sinai, Yéhuwah ngongkon Musa nggawé kémah sing istiméwa. kémah kuwi disebut tabernakel. Tabernakel kuwi dienggo bangsa Israèl ngibadah. Tabernakel ya isa digawa ing ngendi waé bangsa Israèl pindhah.
Yéhuwah ngomong, ’Kongkonen bangsa Israèl nyumbangké bahan kanggo nggawé tabernakel.’ Bar kuwi, wong-wong Israèl mènèhi emas, pérak, tembaga, watu-watu berharga, lan perhiasan. Wong-wong kuwi ya mènèhi wol, linèn, kulit kéwan, lan liya-liyané. Wong-wong kuwi nyumbang akèh banget. Musa akhiré ngomong, ’Wis cukup. Ora perlu nyumbang manèh.’
Akèh wong lanang lan wong wédok sing trampil mèlu nggawé tabernakel. Yéhuwah sing nggawé wong-wong kuwi isa nindakké tugasé. Ana sing nggawé benang lan kain. Terus, ya ana sing nyulam. Sing liyané masang watu, nggawé barang saka emas, lan ngukir kayu.
Tabernakelé digawé persis kaya sing dikarepké Yéhuwah. Wong-wong kuwi nggawé kordhèn sing apik kanggo misahké tabernakel dadi rong bagéan, yaiku Ruang Suci lan Ruang Mahasuci. Ing Ruang Mahasuci, ana pethi perjanjian sing digawé saka kayu akasia lan emas. Pethi perjanjian kuwi kanggo ngélingké bangsa Israèl nèk wis janji arep manut Yéhuwah. Ing Ruang Suci, ana wadhah lampu saka emas, méja, lan mézbah kanggo mbakar dupa. Ing halaman, ana baskom tembaga lan mézbah gedhé.
Yéhuwah milih Harun lan anak-anaké lanang kanggo dadi imam ing tabernakel. Wong-wong kuwi kudu ngurus tabernakel lan nggawé persembahan kanggo Yéhuwah. Harun dadi imam agung. Mula, sing éntuk mlebu ing Ruang Mahasuci kuwi mung Harun. Harun mlebu kono setaun pisan kanggo mènèhké korban bèn dosané Harun, keluargané, lan bangsa Israèl isa diapura.
Setaun sakwisé bangsa Israèl lunga saka Mesir, tabernakel kuwi akhiré rampung. Saiki bangsa Israèl nduwé panggonan kanggo ngibadah.
Yéhuwah seneng banget. Kanggo nduduhké perasaané, Yéhuwah ngatur bèn ana méga ing ndhuwuré tabernakel. Nèk méga kuwi ana ing ndhuwur tabernakel, bangsa Israèl ora pindhah. Tapi, nèk mégané pindhah, bangsa Israèl mbongkar tabernakel, terus mèlu pindhah.
”Aku krungu swara banter saka takhta kuwi kandha, ’Kémahé Gusti Allah ana ing antarané manungsa, Gusti Allah bakal manggon bareng karo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umaté. Gusti Allah dhéwé sing bakal ngancani wong-wong kuwi.’”—Wahyu 21:3
-