-
Rolas Mata-MataAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 26
Rolas Mata-Mata
Saka Gunung Sinai, bangsa Israèl lunga ing Kadès ngliwati Padhang Belantara Paran. Ing kono, Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Kanaan bakal tak wènèhké bangsa Israèl. Miliha wong siji saka saben suku Israèl. Kongkonen wong 12 kuwi lunga ing Kanaan kanggo dadi mata-mata.’ Dadi, Musa milih 12 wong. Terus, Musa ngomong, ’Lungaa ing Kanaan. Coba deloken, apa tanahé subur lan apa wongé kuwat-kuwat. Terus, apa wong Kanaan manggon ing kutha utawa ing téndha.’ Rolas mata-mata kuwi, termasuk Yosua lan Kalèb, lunga ing Kanaan.
Sakwisé 40 dina, mata-mata kuwi mulih. Wong-wong kuwi nggawa buah ara, buah delima, lan buah anggur. Mata-mata kuwi ngomong, ’Dhaérahé apik. Tapi, wongé kuwat-kuwat lan témbok kuthané dhuwur.’ Terus, Kalèb ngomong, ’Awaké dhéwé mesthi menang. Ayo mrana.’ Apa kowé ngerti kenapa Kalèb ngomong ngono? Merga Kalèb lan Yosua percaya karo Yéhuwah. Tapi, sepuluh mata-mata liyané ngomong, ’Aja! Wong-wong ing kana kaya raksasa! Dibandhingké wong-wong kuwi, awaké dhéwé mung kaya walang!’
Bangsa Israèl dadi wedi. Wong-wong kuwi ngomong, ’Ayo milih pemimpin sing anyar. Terus, awaké dhéwé mulih waé ing Mesir. Nèk lunga ing Kanaan, awaké dhéwé mesthi bakal mati.’ Yosua lan Kalèb ngomong, ’Aja wedi. Awaké dhéwé kudu manut Yéhuwah. Yéhuwah mesthi nglindhungi awaké dhéwé.’ Tapi, bangsa Israèl ora gelem manut. Wong-wong kuwi malah péngin matèni Yosua lan Kalèb.
Apa sing ditindakké Yéhuwah? Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Bangsa Israèl wis lali karo kabèh sing wis Tak tindakké. Bangsa iki malah ora manut. Dadi, bangsa Israèl bakal terus urip ing padhang belantara nganti 40 taun lan mati ing kana. Mung anak-anaké wong-wong kuwi, karo Yosua lan Kalèb sing bakal manggon ing tanah sing wis Tak janjèkké.’
”Ngapa kok kowé wedi? Kowé kuwi kurang iman.”—Matius 8:26
-
-
Ana sing MbrontakAyo Sinau saka Crita Alkitab
-
-
PELAJARAN 27
Ana sing Mbrontak
Wektu bangsa Israèl ana ing padhang belantara, Korah, Datan, Abiram, lan 250 wong mulai mbrontak nglawan Musa. Wong-wong kuwi ngomong, ’Wis cukup! Ngapa kok kudu kowé sing dadi pemimpin lan Harun sing dadi imam agung? Yéhuwah kan mberkahi awaké dhéwé kabèh ta, ora mung kowé lan Harun.’ Yéhuwah ora seneng. Yéhuwah nganggep wong-wong kuwi mbrontak nglawan Dhèwèké.
Musa ngomong karo Korah lan pengikuté, ’Sésuk tekaa ing tabernakel. Gawanen wadhah sing isiné dupa. Yéhuwah bakal nduduhké sapa sing Dhèwèké pilih.’
Sésuké, Korah lan 250 pengikuté marani Musa ing tabernakel. Wong-wong kuwi ngobong dupa kaya sing ditindakké para imam. Yéhuwah ngomong karo Musa lan Harun, ’Kowé kudu nyingkir saka Korah lan pengikuté.’
Korah wis nemoni Musa ing tabernakel. Tapi, Datan, Abiram, lan keluargané ora gelem mèlu ing tabernakel. Yéhuwah ngongkon wong Israèl nyingkir saka kémahé Korah, Datan, lan Abiram. Wong Israèl cepet-cepet nyingkir saka kono. Datan, Abiram, lan keluargané ngadeg ing ngarep kémahé. Bar kuwi, tanahé mbelah. Terus, wong-wong kuwi padha tiba mlebu ing njero tanah. Ing tabernakel, ana geni sing mudhun saka swarga. Korah lan 250 pengikuté mati kena geni kuwi.
Yéhuwah ngomong karo Musa, ’Jupuken tongkaté saben pemimpin suku. Terus, tulisen jenengé wong-wong kuwi ing tongkaté. Tapi, ing tongkaté suku Lèwi, tulisen jenengé Harun. Bar kuwi, lebokna tongkat-tongkaté ing njero tabernakel. Wong sing tongkaté metu kembangé, wong kuwi sing Tak pilih.’
Sésuké, Musa ngetokké tongkat-tongkat kuwi, terus diduduhké karo para pemimpin suku. Tongkaté Harun metu kembangé lan ana buah almond sing mateng. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah milih Harun dadi imam agung.
”Kowé kudu manut lan tundhuk karo wong-wong sing mimpin kowé.”—Ibrani 13:17
-