PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Rahab Ndhelikké Mata-Mata
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Rahab ngomong karo para prajurit nèk mata-mata Israèl wis lunga

      PELAJARAN 30

      Rahab Ndhelikké Mata-Mata

      Ana mata-mata Israèl loro sing lunga ing kutha Yérikho. Wong loro kuwi nekani omahé Rahab. Raja Yérikho ngerti soal kuwi. Mula, dhèwèké ngongkon prajurité nekani omahé Rahab. Rahab ndhelikké mata-mata kuwi ing atap. Tapi, dhèwèké ngomong karo para prajurit nèk mata-mata kuwi wis lunga. Terus, Rahab ngomong karo mata-mata kuwi, ’Aku bakal mbantu kowé merga aku ngerti nèk Yéhuwah nglindhungi bangsamu lan bangsamu bakal ngrebut negri iki. Tulung, mengko slametké aku lan keluargaku, ya.’

      Wong loro kuwi njawab, ’Aku janji nèk kowé lan keluargamu bakal slamet. Tapi, kowé kudu nalèkké tali abang ing jendhélamu.’

      Wektu témbok Yérikho hancur, omahé Rahab sing ana tali abangé ora mèlu hancur

      Terus, Rahab ngongkon wong loro kuwi mudhun saka jendhéla omahé nganggo tali. Wong loro kuwi lunga ing pegunungan lan ndhelik ing kono nganti telung dina. Bar kuwi, wong loro mau bali kanggo nemoni Yosua. Bangsa Israèl akhiré nyabrang Kali Yordan lan siap-siap nyerang negri kuwi. Yérikho kuwi kutha pertama sing bakal direbut. Yéhuwah ngongkon bangsa Israèl ngubengi kutha kuwi sedina pisan nganti nem dina. Tapi, pas dina kepitu, bangsa Israèl ngubengi kutha kuwi nganti ping pitu. Terus, para imam nyebul trompèté. Para prajurit ya mbengok sak banter-banteré. Akhiré, témbok kuthané hancur. Tapi, omahé Rahab sing ana ing témbok kuwi ora hancur. Rahab lan keluargané slamet merga percaya karo Yéhuwah.

      ”Rahab . . . ya kaya ngono. Dhèwèké dianggep bener karo Gusti Allah merga tumindaké, ta? Dhèwèké wis ramah lan apikan karo mata-mata sing marani dhèwèké lan mbantu mata-mata kuwi lunga liwat dalan liya.”​—Yakobus 2:25

      Pertanyaan: Kenapa Rahab gelem mbantu mata-mata Israèl? Piyé carané bangsa Israèl nyerang kutha Yérikho? Piyé keadaané Rahab lan keluargané sakwisé kutha Yérikho dihancurké?

      Yosua 2:1-24; 6:1-27; Ibrani 11:30, 31; Yakobus 2:24-26

  • Yosua lan Wong Gibéon
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
    • Wong Gibéon sing nganggo klambi èlèk nemoni Yosua lan pasukané

      PELAJARAN 31

      Yosua lan Wong Gibéon

      Bangsa liyané ing Kanaan krungu berita soal Yérikho. Rajané bangsa-bangsa kuwi mutuské kanggo nyerang bangsa Israèl. Tapi, wong Gibéon nduwé rencana sing béda. Wong-wong kuwi nganggo klambi sing èlèk, terus lunga nemoni Yosua. Wong-wong kuwi ngomong, ’Aku iki saka negri sing adoh. Aku krungu soal Yéhuwah lan kabèh sing Dhèwèké tindakké kanggo kowé ing Mesir lan Moab. Aku lan bangsaku gelem dadi pelayanmu, tapi bangsaku aja mbok serang.’

      Yosua percaya lan janji ora bakal nyerang wong-wong kuwi. Telung dina bar kuwi, Yosua lagi ngerti nèk wong-wong kuwi asalé dudu saka negri sing adoh. Wong-wong kuwi jebulé saka Kanaan. Yosua takon karo wong Gibéon, ’Kenapa kowé ngapusi aku?’ Wong-wong kuwi njawab, ’Aku wedi merga Yéhuwah sing perang kanggo kowé. Tulung, aku kabèh aja mbok patèni.’ Yosua nepati janjiné lan ora matèni wong Gibéon.

      Bar kuwi, limang raja Kanaan lan pasukané ngancem arep nyerang wong Gibéon. Yosua lan pasukané lunga kanggo nylametké wong Gibéon. Yosua lan pasukané terus mlaku nganti ésuk. Ésuké, perangé dimulai. Hasilé, wong Kanaan padha mlayu mencar-mencar. Terus, ana udan watu sing gedhé-gedhé saka Yéhuwah. Yosua ya njaluk bèn matahariné mandheg. Kenapa Yosua njaluk kaya ngono padahal kuwi durung tau kelakon? Merga Yosua percaya karo Yéhuwah. Wektu kuwi, matahariné mandheg nganti bangsa Israèl isa ngalahké raja-raja Kanaan lan pasukané.

      Yosua ndelok langit lan njaluk Yéhuwah nggawé bèn matahariné mandheg

      ”Nèk ya, ngomonga ’Ya’. Nèk ora, ngomonga ’Ora’. Omongan sing ora ditepati kuwi asalé saka Iblis.”​—Matius 5:37

      Pertanyaan: Bèn isa slamet, apa sing ditindakké wong Gibéon? Piyé carané Yéhuwah nulungi bangsa Israèl?

      Yosua 9:1–10:15

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim